Khutbah Jumat Bahasa Jawa Dimensi Ruhani Ing Ndalem Peristiwa Isra’ Mi’raj

NU Cilacap Online – Wonten ing dinten Jum’at punika, kita tasih wonten ing saklebetipun wulan ingkang mulya, inggih punika wulan Rajab. Wulan Rajab kalebet sekawan wulan ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Khutbah Jumat bahasa Jawa kali ini  dengan judul ” Dimensi Ruhani Ing Ndalem Peristiwa Isra’ Mi’raj”. Naskah khutbah ini di susun oleh : KH Lukman Nur Amin, Lc., M.SI pengurus LD PWNU Jawa Tengah bidang IT dan jaringan dakwah.

Khutbah Sepindah

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَسْرَى بِعَبْدِهِ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى، وعَرَّجَ بِهِ بِصُحْبَةِ جِبْرِيْلَ الْأَمِيْنِ إِلَى السَّمَاوَاتِ الْعُلَى، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ذُوْ الْأَسْمَاءِ الْحُسْنَى، وأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الْهُدَى، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا ومَوْلَانَا مُحَمَّدِ نِالْمُصْطَفَى، وعَلَى آلِهِ وأصْحَابِهِ الَّذِيْنَ يَسْتَحِقُّوْنَ مِنْ رَبِّهِمُ الْبُشْرَى، أمَّا بَعْدُ ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Wonten ing wekdal ingkang berkah puniko, kulo ngajak dhateng badan kulo piyambak lan dhumateng panjenengan sedaya, monggo kito tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT.

Kanthi ikhlas nindakake perintah-perintahipun lan nebihi awisan-awisanipun, awit taqwa punika setunggaling mergi tumuju dhateng kawilujengan donya lan akherat.

Para sederek ahli Jum’ah ingkang minulya

Wonten ing dinten Jum’at punika, kita tasih wonten ing saklebetipun wulan ingkang mulya, inggih punika wulan Rajab. Wulan Rajab kalebet sekawan wulan ingkang dipun mulyaaken dening Allah Swt. Gusti Allah dawuh wonten ing Surat At-Taubah ayat 36:

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

Artosipun : “Saktemene wilangan wulan wonten ngarsane Allah iku ono rolas wulan, kados ketetepanipun Allah wekdal Allah nyipta’ake langit lan bumi, setengah saking rolas wulan iku ono papat kang mulyo.”

Gegayutan kalian sekawan wulan ingkang mulya kasebat, Nabi Muhammad Saw. dawuh:

إِنَّ اَلزَّمَانَ قَدِ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ اللهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ، اَلسَّنَةُ اِثْنَا عَشَرَ شَهْرًا، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ: ثَلَاثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ: ذُوْ الْقَعْدَةِ وَذُوْ الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ، وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِيْ بَيْنَ جُمادَى وشَعْبَانَ.

Artosipun: “Saktemene zaman iku mubeng kaya tingkahe ing dalem dinane Allah nyipta’ake langit lan bumi. Setaun iku ana rolas sasi, kang patang sasi iku sasi mulya, kang telu gegandengan, yaiku Dzul Qa’dah, Dzul Hijjah, lan Muharram, kaping papat yaiku sasi Rajabe kabilah Mudhor, yaiku sasi kang ana ing antarane sasi Jumada lan Sya’ban.”

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah,

Lan antawis bukti kamulyanipun wulan Rajab malih inggih punika kedadosan peristiwa agung ingkang dipun dawuhaken langsung dening Allah SWT. Wonten ing Al-Qur’an, inggih punika peristiwa Isra’ Mi’raj Nabi Agung Muhammad SAW. Kados ingkang dipun dawuhaken dening Imam Nawawi Al-Bantani wonten ing kitab Nurudh Dholam:

الْمَشْهُوْرُ كَانَ ذَلِكَ لَيْلَةَ الْاِثْنَيْنِ لَيْلَةَ السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ شَهْرِ رَجَبَ قَبْلَ الْهِجْرَةِ بِسَنَةٍ

 Artosipun: “Miturut panemu kang kuncara, Isra’ Mi’raj iku kedadeyan ono ing malem Senin, wengi kaping pitulikur saking sasi Rajab setahun sakdurunge Hijrahe Nabi.”

Peristiwa Isra’ Mi’raj punika minangka proses mandapipun syari’at shalat gangsal wekdal kagem kita sedaya, sahingga wulan Rajab punika ugi minangka wulan dipun syariataken perintah shalat. Pramila saking menika, kamulyanipun wulan Rajab punika mboten saget dipun sela’i malih.

 Para sederek jama’ah Jum’ah ingkang minulya,

Wonten ing tatanan syari’at Islam, khususipun babagan ibadah, kadosta shalat, zakat, pasa, haji lan sanes-sanesipun, syari’at nopo kemawon saget dipun wastani kaleksanan kanthi sampurna.

Menawi sampun memenuhi kalih unsur: inggih punika unsur dhahir lan unsur bathin; utawi ugi dipunsebat unsur syari’at lan unsur haqiqat. Kalebet ing pemahaman Isra’ Mi’raj ugi mekaten, kita bade pikantuk pemahaman ingkang sampurna menawi sampun ngeliwati kalih unsur kala wau, dhahir lan bathin. Pramila Syekh Mula ‘Ali Al-Qari dawuh wonten kitab Mirqatul Mafatih ingkang artosipun:

“Kanjeng Nabi Saw. iku ngalami peristiwa Isra’ Mi’raj loro. Sepisan yaiku Isra’ Mi’raj jasmani, yaiku lelampahan saka Masjidil Haram tumuju Masjidil Aqsha banjur munggah menyang alam Malakut lan alam Malail A’la.

Kapindho Isra’ Mi’raj ruhani, yaiku lelampahan ruhe Nabi saka alam kang katon menyang alam kang ghaib (ora katon), banjur menyang alam kang maha ghaib.

Banjur sakwise Kanjeng Nabi arep kondur, Gusti Allah dawuh: “Wong sing lelungan, nalika bali dheweke bakal nggawa oleh-oleh kanggo kanca-kancane, lan oleh-olehe sampeyan kanggo umat sampeyan yaiku shalat.

Shalat iku bisa ngumpulake Mi’raj loro dadi siji, yaiku Mi’raj jasmani yaiku kanti adab lan obahe awak, lan Mi’raj ruhani yaiku kanti eling lan manthenge ati. Mila didawuhake “Shalat iku dadi Mi’raje wong mukmin”.

 Para sederek ahli Jum’ah ingkang minulya,

Lelampahan spiritual punika inggih ingkang saget andadosaken Rasulullah SAW. Sowan dhateng ngarsanipun Dzat ingkang Maha Dhahir lan Maha Bathin, ingkang akhiripun Kanjeng Nabi kondur mawi ngasto cinderamata, inggih punika syariat shalat gangsal wekdal, ingkang ugi ngandhut unsur kalih: dhahir lan bathin, langkung-langkung unsur bathin ingkang badhe nemtokaken ajinipun shalat kita wonten ngarsanipun Allah SWT. Kanjeng Nabi Saw. dawuh:

إِنَّ الْعَبْدَ لَيُصَلِّي الصَّلاةَ لَا يُكْتَبُ لَهُ سُدُسُهَا وَلا عُشْرُهَا وَإِنَّمَا يُكْتَبُ لِلْعَبْدِ مِنْ صَلاتِهِ مَا عَقَلَ مِنْهَا

Artosipun: “Satemene wong kang nindakake shalat, kang kacathet saka sholate iku dudu sepra-eneme, uga ora sepra-sepuluhe, nanging kang kacathet iku sepiro anggone deweke ngangen-angen shalate.”

 Para sederek kaum muslimin rahimakumullah,

Mugi-mugi kanthi mangertosi lan mahami peristiwa Isra’ Mi’raj punika saged nambahi iman kita dhumateng Allah Swt. sehingga kanthi hidayah saha pitulunganipun kita dipun paringi gampil anggenipun nindakaken shalat kanthi sampurna. Amin ya Rabbal ‘alamin.

أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ، سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ

خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرِ، صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا، أَمَّا بَعْدُ،

فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوْا اللهَ وَافْعَلُوْا الْخَيْرَاتِ وَاجْتَنِبُوْا عَنِ السَّيِّئَاتِ، قَالَ اللهُ تَعَالَي اِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، فَاَجِيْبُوْا اللهَ عِبَادَ اللهِ اِلَى مَا دَعَاكُمْ وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلَى مَنْ بِهِ اللهُ هَدَاكُمْ، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَآرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ،

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ  وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ، اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ اُمَّةَ سَيَّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَلَّلهُمَّ ارْحَمْ اُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَلَّلهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَاجْعَلْ بَلْدَتَنَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا هٰذِهِ بَلْدَةً طَيِّبَةً تَجْرِيْ فِيْهَا اَحْكَامُكَ وَسُنَّةُ رَسُوْلِكَ يَاحَيُّ يَاقَيُّوْمُ يَا اِلٰهَنَا وَاِلٰهَ كُلِّ شَيْئٍ هَذَا حَالُنَا يَا اللهُ لَايَخْفَي عَلَيْكَ، اَلَّلهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ، رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Download Khutbah Jumat Bahasa Jawa 

Editor Bahasa : Khayaturrohman

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button