Khutbah Jumat Bahasa Jawa Maulid Nabi Minangka Momentum Nandur Budi Pekerti

NU Cilacap Online – Ing dinten lan wulan Rabi‘ul Awal punika, kita para umat Islam bebarengan kenging ngelingi dinten miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Khutbah Jumat bahasa jawa kali ini berjudul ” Maulid Nabi Minangka Momentum Nandur Budi Pekerti”. Naskah khutbah di susun oleh KH Nasir Ketua LD PCNU Kabupaten Pekalongan.
Download Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Sepindah
َِاَلْحَمْدُللهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ.
قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي االْقُرْآنِ اْلكَرِيمْ: بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah Ittaqullah
Sedaya puji saha syukur prayogi kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi berkah saha nikmat, utaminipun nikmat agung, inggih punika nikmat iman saha islam. Shalawat saha salam mugi tansah kasembahaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.
Monggo kita sami ndedonga dhumateng Allah SWT, mugi tansah kaparingan pangayoman saha rahmatipun. Lan lumantar mimbar ingkang mulya menika, alfaqir ngaturaken panyuwunan saha wasiat dhateng kula piyambak saha para jamaah Jum’at, supados sami nglempakaken iman saha taqwa dhumateng Allah SWT.
Amargi taqwa punika minangka jembatan kangge nggayuh ridha saha kamulyan wonten ing ngarsanipun Allah SWT, ingkang pinanggih wonten ing donya saha akhirat.
Kados pundi ingkang sampun kapratelakaken ing dawuh Allah SWT:
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
Artosipun: “Satemene tiyang ingkang paling mulya wonten ing sandhing kula punika tiyang ingkang taqwa.” (QS. Al-Ḥujurat, 14)
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah Ittaqullah
Ing dinten lan wulan Rabi‘ul Awal punika, kita para umat Islam bebarengan kenging ngelingi dinten miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Panjenenganipun punika minangka sosok pamimpin ingkang jujur, amanah, kebak kawicaksanan, saha dados suri tauladan. Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika minangka nabi pungkasan, ingkang sampun ngladosi kanthi jiwa raga, nglantaraken manungsa dhateng dalan gesang ingkang leres saha diparingi ridha déning Allah SWT.
Panjenenganipun inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sampun dados tradisi mayoritas umat Islam kangge ngrayakaken dinten miyosipun panutan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kangge umat Islam utaminipun ing Nusantara, tradisi maulid punika sampun ngrembaka wonten ing manah bebrayan. Peringatan dinten miyosipun Nabi punika minangka salah satunggaling bukti katresnan kita dhateng Panjenenganipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wujud katresnan punika dipun ungkapaken kanthi rupa-rupa cara, asal mboten nglanggar norma-norma syariat, hukum nagari, saha tatanan bebrayan.
Alangkah agungnya Rasulullah yang selalu dihiasi oleh budi pekerti yang sangat mulia. Kepribadiannya selalu diselimuti degan kebaikan dan hikmah. Wajahnya selalu dihiasi oleh senyum keramahan yang menawan. Dia lemah lemah lembut ibarat bunga, mengundang pesona ibarat bulan purnama, luas kedermawanannya ibarat samudera, dan sangat pasti cita-citanya ibarat perjalanan masa. Demikian apa yang gambarkan oleh imam al-Busiri akan kemuliaan akhlak Rasulullah SAW.
Peringatan Maulid Nabi badhe paring paedah ingkang sae sanget tumrap pambentukan watak manungsa, mliginipun umat Islam. Ing peringatan Maulid, kita saged midangetaken manéka warna pujian kangge Kanjeng Nabi Muhammad SAW, saha wejangan-wejangan agami ingkang njlentrehaken bab pribadinipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang mulya budi pekertinipun.
Ing jaman pungkasan kados samangke, asma agung Kanjeng Nabi SAW sampun kathah kaelalaken ing manah umatipun amargi kesibukan donya. Satunggaling pamingpin saged kemawon sampun lali kadospundi caranipun mimpin masyarakat kanthi leres, para wakil rakyat saged kemawon lali kaliyan janji-janji ingkang sampun kaaturaken, para pejabat ugi wonten ingkang lali kadospundi caranipun ngreksa dhuwit rakyat, dumugi kathah dhuwit rakyat ingkang kesebar mlebet kanthong pribadi, saha saged ugi kita minangka tiyang Islam sampun lali kadospundi caranipun nglampahi budi pekerti ingkang mulya.
Mula saking punika, momentum Maulid Nabi punika prayogi sanget dados sarana kangge nglawan “penyakit” lali ingkang sapunika nyebar wonten ing umat manungsa, mliginipun dhumateng kita umat Islam.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah Ittaqullah
Wonten kathah tuladha ingkang saged kita tiru saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Manawi al-Qur’an dipun ibarataken kados permata ingkang nglantaraken warna cahya ingkang warni-warni, mekaten ugi Kanjeng Nabi SAW.
Kita saged ngundhuh piwulang punapa kemawon ingkang wonten wontenipun panjenenganipun. Mliginipun bab budi pekerti saha akhlakipun. Gusti Allah SWT dhawuh.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا.
Artosipun: “Satemenipun sampun wonten ing pribadi Rasulullah punika tuladha ingkang sae kanggé panjenengan, inggih punika kanggé tiyang ingkang ngarep-arep rahmatipun Allah saha rawuhipun dinten kiamat, lan piyambakipun kathah nyebat asmane Allah.” (QS. al-Ahdzab ayat 21)
Ing ayat sanesipun Gusti Allah SWT ngendika:
َإنَّكَ لَعَلَى خُلُقٍ عَظِيْمٍ
Artinya: “Dan sesungguhnya, kamu (muhammad) benar-benar berbudi perketi yang agung” (QS. Al-Qalam Ayat: 4)
Ayat ing nginggil njlentrehaken dhateng kita bilih wonten ing pribadiipun Kanjeng Nabi kapacak budi pekerti ingkang luhur. Kaendahan perangai punika boten namung dipun ngakeni dening umat Islam kemawon, nanging ugi para non-muslim memuji budi pekertinipun. Mula boten ngheranaken bilih nalika yuswa alit, Rasul dipun wastani kanthi gelar al-Amin, lan kejujuranipun misuwur ngantos sa donya.
Kabecikan budi pekerti punika dipun gambaraken dening Imam al-Bushiri ing gubahan syairipun: “Betapa agungipun Kanjeng Rasul ingkang tansah kaparingan hiasan budi pekerti ingkang sangat mulya.
Pribadinipun tansah kapundhut kebaikan. Pasuryanipun tansah kagem hiasan mesem ramah tamah ingkang ngresepaken. Panjenenganipun alus kados kembang, ngundang pesona kados purnamaning wulan, ambabar kamurahan kados segara, saha mesthi luhur cita-citanipun kados lelampahaning wekdal.”
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah, Ittaqullah.
Tuhu-tinuhu misi utama dipunutusakenipun Nabi Muhammad SAW dhumateng bumi punika inggih punika kanggé ndandosi budi pekerti manungsa. Syaikh Yusuf al-Qardhawi wonten ing kitabipun ingkang kaparingi irah-irahan Kaifa Nata’amal Ma’a Al-Qur’an, nyebataken bilih salah satunggaling tujuan syari’at Islam punika inggih menika supados nyucèkaken manah manungsa saha nglurusaken akhlakipun.
Wonten ing satunggaling hadis riwayat Abu Hurairah dipunaturaken bilih Nabi ngendika:
إِنما بُعِثْتُ لأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الأَخْلاَقِ
Artosipun:“Satemene kula (Kanjeng Nabi Muhammad) kapunjeraken namung kangge nyampurnakaken (ndandosi) budi pekerti manungsa.” (HR: al-Baihaqi)
Kanthi modal budi pekerti ingkang mulya wau ugi, Agami Islam saged nyebar wonten ing Jazirah Arab kanthi wekdal ingkang sanget cekap. Laku gesangipun Kanjeng Nabi, ing Mekah utawi Madinah, maringi tuladha dhateng kita bilih peranipun budi pekerti wonten ing gesang punika sanget wigatos. Panarimaanipun masyarakat dhumateng kebenaran ingkang dipun aturaken punika gadhah gegayutan erat kaliyan tata krama lan budi pekertiipun panyariyos. Kebenaran punika badhe langkung cepet nembus ing jeroing manah menawi dipun aturaken kanthi cara-cara ingkang santun kados dene ingkang sampun dipun tuladhaaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah, Ittaqullah
Nalika nyariyosaken babagan akhlak utawi budi pekerti wonten ing dinten menika, kadhangkala ndadosaken mripat kita medal toya. Kadospundi mboten, saben dinten meh tansah media cetak lan elektronik paring pawartos dhumateng kita bab kemungkaran sosial ingkang kedadosan wonten ing jagad raya menika, mliginipun wonten ing nagari punika. Menika boten tegesipun bilih nagari menika kebak tiyang awon, nanging swara kadadosan ala punika langkung asring kita mireng saha ningali tinimbang kabecikan. Madosi malih kepribadian Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika dados solusi nyata kanggé medal saking rerangkèn masalah punika.
Kanjeng Rasul sampun paring tuladha dhateng kita kadospundi caranipun ngatur nagari kanthi sae saha ngatur masyarakat ingkang bermoral. Nalika ngleksanani kekuasaanipun, Kanjeng Nabi Muhammad SAW tansah ngluhuraken unsur kabecikan, kejujuran, kasantosan, saha kaadilan kanggé sedaya golongan, tanpa mbedakaken warna kulit, kapitadosan, utawi trahipun.
Saliyanipun punika, Kanjeng Nabi Rasulullah SAW tansah paring wanti-wanti supados umatipun boten tansah manut hawa nepsunipun piyambak. Amargi hawa nepsu punika sumbering panggénan awon saha amoral. Manungsa badhe gampil keseret mlebet korupsi, ngapusi, saha nindakaken kalepatan sosial sanesipun menawi tansah manut dhateng nepsunipun ingkang serakah. Malah, Kanjeng Nabi ugi ngancam drajat keimanan umatipun ingkang boten saged ngendhalekaken hawa nepsunipun. Ing salah satunggaling hadis ingkang kacathet dening ‘Amr bin al-‘Ash, Kanjeng Nabi ngendika:
لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يَكُونَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ بِهِ
Artosipun: “Boten sampurna imané tiyang satunggal wonten ing antawisipun panjenengan sadaya, ngantos hawa napsunipun manut dhateng menapa ingkang kula aturaken.”
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah, Ittaqullah.
Mekaten pawartos khutbah Jum‘at ing wekdal menika. Mugi kanthi peringatan maulidipun Kanjeng Nabi punika saged ndadosaken owah-owahan ing tata laku kita. Peringatan maulid boten namung dados formalitas utawi seremoni kemawon. Luwih saking punika, peringatan maulid punika minangka sarana kanggé kita supados saged nambah wawasan bab gesangipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lajeng dipun-amalaken lan dipun-ginakaken ing gesang saben dinten.
Mugi Allah tansah paring pitulungan lan pitedah dhateng kita sedaya, saha mugi pungkasaning gesang kita pinanggih kaliyan khusnul khatimah, lan ing tembe wingking saged sesarengan kaliyan Kanjeng Rasulullah SAW wonten ing swarga. Amin ya rabbal ‘alamin.
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Khutbah Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ. وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ وسلّم عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
أَمَّا بَعْدُ. فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ, اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ. وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ. وَثَـنَّى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى, يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَتِكَ اْلمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ, أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِيّ. وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ. وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ. وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُؤمنين. وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ. وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ. وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ. وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ انْصُرْ إخْوَانَنَا المسْلِمِينَ المستَضْعَفِينَ وَفِى كُلِّ مَكَانٍ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ, وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ, وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمنْكَرِ وَاْلبَغْي, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Editor bahasa: Khayaturrohman





