Pilkada, Milih Pemimpin Kanthi Eling lan Waspada

Khutbah Jumat Bahasa Jawa NU Cilacap Online

NU Cilacap OnlineKhutbah Jumat berbahasa Jawa berikut ini mengangkat tema Pilkada dan Kepemimpinan Rasulullah SAW.

Pilkada adalah momen penting dalam memilih pemimpin yang akan memimpin daerah kita dengan adil dan bijaksana. Sebagai umat Islam, kita diajarkan oleh Rasulullah SAW untuk memilih pemimpin yang amanah, adil dan memiliki kepedulian terhadap kesejahteraan umat.

Kepemimpinan Rasulullah SAW tidak hanya didasarkan pada kekuasaan, tetapi pada kasih sayang, keadilan dan tanggung jawab terhadap masyarakat.

Khutbah I

الحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ.

Jamaah Jumat ingkang minulya,

Puji syukur kita panjataken dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat lan hidayah sahingga kita saged nglaksanaken ibadah Shalat Jumat kanthi sehat lan selamet. Shalawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, panutan lan pemimpin kita.

Ing kesempatan menika, Khatib badhe mbahas babagan Pilkada (Pemilihan Kepala Daerah) ingkang badhe dumadi wonten wilayah kita. Kita minangka warga ingkang taat aturan Ulil Amri, gadah hak pilih, kangge nderek nentuaken sinten ingkang saget dipun percaya kangge mimpin daerah kita.

Baca juga Sifat Profetik dalam Kepemimpinan Politik

Pilkada punika sanes babagan milih pemimpin ke mawon, ananging ugi minangka tanggung jawab sareng ingkang ageng inggih punika gunten pemimpin ingkang amanah lan tanggung jawab, ingkang saged njagi lan ngayomi masyarakat kanthi becik lan adil.

Jamaah Jumat ingkang minulya,

Islam nyawisaken tuntunan supados kita milih pemimpin ingkang tanggung jawab. Pemimpin menika mboten sekedar nduwe kekuasaan, nanging ugi kedah nduwe iman, rasa amanah lan kewajiban kangge ndadeaken masyarakat ingkang sejahtera lan kaparingan keadilan wonten gesang ingkang dipun lampahi.

Allah SWT dawuh ing Al Qur’an Surat An-Nisa ayat 58:

إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تُؤَدُّوا الْأَمَانَاتِ إِلَىٰ أَهْلِهَا وَإِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ أَنْ تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ ۚ إِنَّ اللَّهَ نِعِمَّا يَعِظُكُمْ بِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ سَمِيعًا بَصِيرًا

Artosipun: “Saestu, Allah nyawisaken kalian supados nglaksanaken amanat dhumateng ingkang sak mesthinipun nampi, lan bilih kowe nemtokaken hukum antarane umat, mesthine kowe nemtokaken kanthi adil. Saestu, Allah paring pengajaran ingkang paling sae marang kowe, lan saestu, Allah Maha Mireng, Maha Mirsani.”

Ayat menika ngelingaken kita bilih pemimpin kedah amanah lan adil. Mila, kita kedah selektif lan bijak anggenipun milih pemimpin. Mboten amargi hadiah, jabatan, utawi kepentingan pribadi. Ananing langkung sae kanthi niat kang luhur lan ngupadi ridha Allah SWT. Kita kedah milih pemimpin ingkang jujur, lan amanah.

Jamaah Jumat ingkang minulya,

Pilkada menika sering dados ujian kangge kerukunan kita. Beda pilihan menika wajar, nanging ampun sebab beda pilihan wau dados ngerusak persatuan lan ukhuwah. Allah SWT dawuh wonten Al Qur’an Surat Ali Imran ayat 103:

وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا

Artinipun: “Gegemana tali (agama) Allah bebarengan lan ojo podo pisah.”

Tali silaturahmi lan kekeluargaan kudu tetep kita jaga, lan aja gampang kagodha déning fitnah utawa emosi saksampunipun beda pilihan. Ajining kerukunan wonteng ing saklebetipun masyarakat kedah tetep lestari lan terjaga.

Baca juga Khutbah Hari Pahlwanan

Nalika proses Pilkada, kita asring manggihi kabar palsu utawi hoaks ingkang dipun mannfaatken kangge ngrusak citra calon pemimpin. Hal menika estu kedah waspada. Kita ampun ngantos dados korban kabar palsu ingkang saget mawon ndadoskaen salah paham.

Rasulullah SAW sampung ngendika ing sawijining hadits:

كَفَىٰ بِالْمَرْءِ إِثْمًا أَنْ يُحَدِّثَ بِكُلِّ مَا سَمِعَ

Artosipun: “Cukuplah sawijining manungsa kalebu dosa yen ngucapaken sakabehing apa ingkang dipun rungu.” (HR. Muslim)

Dawuh menika ngelingaken kita supados mboten gampang percaya lan nyebaraken kabar ingkang durung cetha kebenarane. Allah SWT ugi samloun ndawuhaken wonten Al Qur’an surat Al-Hujurat ayat 6:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَنْ تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ

Artosipun: “He wong-wong sing pada iman, nek ono wong fasiq teko marang kowé nggawa kabar, prikso dhisik, supaya kowé ora nindakké musibah marang siji kaum amargo bodho, sing njalari kowé menyesal marang apa sing wis kowé tindakké.”

Ayat lan hadis menika paring piwulang supados kita tetep bijak lan ati-ati ngadepi informasi lan mboten gampang percaya menawa durung dipriksa kebenarane. Fitnah lan hoaks namung bakal dadi sebab perpecahan lan ngrusak persatuan.

Jamaah Jumat Ingkang Minulya,
Sampun wonten ing diri Rasulullah SAW iku conto utama kepemimpinan ingkang luhur. Ing Al-Quran, Allah SWT ngendika:

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُوْلِ اللهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللهَ كَثِيْرًا

Artosipun: “Satemene ing Rasulullah iku ana conto apik kanggo sira kabeh ingkang ngarep-ngarep (rahmat) Allah lan (kedatangan) dina akhir, lan ingkang katah ndedonga marang Allah.” (QS. Al-Ahzab: 21).

Rasulullah SAW nate ngendika ing sawijining hadits:

كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْؤُوْلٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ

Artine: “Saben kowe iku pemimpin lan saben kowe bakal dimintai tanggung jawab marang sing dipimpin.” (HR. Bukhari dan Muslim).

Jamaah Jumat Ingkang Minulya,
Rasulullah iku pemimpin ingkang seneng rembugan lan gemati marang umat. Beliau ora mung mimpin karo otoritas, nanging nganggo kasih sayang lan keikhlasan. Kabeh keputusan beliau adhedhasar syariat Allah lan kepentingan umat. Iki tegese, dadi pemimpin ora mung ngandelake kekuasaan, nanging luwih mementingake kebenaran lan keadilan.

Rasulullah iku pemimpin ingkang adil lan welas asih. Mula saka iku, kita sedaya mangga nyonto sikap lan cara mimpin Rasulullah ingkang adil, amanah, lan sabar. Ing posisi apa wae, tanggung jawab, lan tuntunan agama tetep kudu dipegang teguh.

Mangga kita sedaya sami njaga akhlaq, tanggung jawab, lan ngugemi nilai-nilai luhur iki. Muga-muga kita sedaya saged dados pemimpin lan milih pemimpin ingkang amanah kanggo awake dhewe, keluarga, lan masyarakat. Semoga kita kabeh dituntun Allah kangge dados umat ingkang istiqamah lan selamet.

Ing pungkasan, kita sedaya ugi ngagem doa, mugi-mugi Allah SWT paring pemimpin ingkang adil, amanah, lan saged mbimbing kita sedaya tumuju marang kabecikan. Awit do’a punika minangka ikhtiar lan harapan kita dhumateng Allah supados negara lan masyarakat tetep aman, tentrem, lan rahayu.

Baca juga Khutbah Jumat Bahasa Jawa Renungan Hari Pahlawan Nasional

Semoga khutbah niki saged dados pangeling supados kita kabeh saged ngadhepi Pilkada kanthi tanggung jawab lan bijak, njaga persatuan, lan adoh saka fitnah. Mugi-mugi Allah SWT tansah maringi kita pemimpin ingkang adil lan amanah, lan mugi rahmat Allah tetep sumebar tumrap kita sedaya. Aamiin ya rabbal ‘aalamiin.

.   بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، فَتَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ  

Khutbah II

    اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ عَلَى عَبْدِهِ الْكِتَابَ لِيُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ اِلَى النُّوْرِ طُوْلَ الْأَزْمِنَةِ وَالدُّهُوْرِ، وَاَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَقُوْلُوْا لَهُمْ قَوْلًا لَيِّنًا سَدِيْدًا، إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّۚ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا:

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَتاَبِعِيْهِ وَتَابِعِيْ تَابِعِيْهِ وَمَنْ تَبِعَهُمِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللَّهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللّٰهُمَّ اسْتُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَللّٰهُمَّ اجْبُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ عَافِ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اللَّهُمَّ احْفَظْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَللّٰهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَحْمَةً عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِأُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مَغْفِرَةً عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ فَرِّجْ عَنْ أُمَّةِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ فَرَجًا عَاجِلًا يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ   فَيَا عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِۙ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، فَاذْكُرُوْا اللهَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، أَقِيْمُوا الصَّلَاةَ

Klik disini Untuk Download Artikel khutbah jumat bahasa jawa tentang Pilkada Pdf

One Comment

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button