Khutbah Jumat Bahasa Jawa Hari Santri Nasional 2025

NU Cilacap Online – Netepaken Dinten Santri kanthi Kaputusan Presidhen (Keppres) Nomor 22 Taun 2015. Sejarah menika wigatos kita mangertosi kangge dados perangan raos syukur kita dhumateng Allah.

Tegesipun, sampun ngantos kita supe dhumateng sejarah, sahingga kanikmatan kamardikan punika badhe kaicalaken saking negari punika. Khutbah Jumat samika judulipun: Hari Santri Nasional 2025 ngasta kamardikan Indonesia Tumuju Peradaban Dunya”. Ingkang dipun susun dening Dr. Kiai Mustolih, M.Pd.I., M.Pd Ketua LD PCNU Kebumen.

Download Khutbah bahasa Jawa

Khutbah Sepindah

الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ

عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ

وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ

أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَرْفَعِ اللَّهُ

الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ

Wonten ing kalodhangan ingkang mulya punika, sumangga panjenengan lan kula tansah ngginakaken lan ngiyataken takwa dhumateng Allah SWT kanthi nglampahaken sedaya ingkang dados dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya ingkang dados larangan-Nipun. Awit saking punika, takwa menika minangka sangu ingkang sae piyambak kangge ngambah gesang ingkang boten langgeng punika. Akherat menika ingkang dados papan langgeng lan sae piyambak kangge kita,

kados ingkang sampun kaandharaken wonten ing Al-Qur’an Surah Al-A’la ayat 17:

 وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ

Artosipun: “Nanging panguripan akherat menika langkung sae lan langkung langgeng.”

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten ing kalodhangan punika, ing pundi taksih dipunparingi kanikmatan ingkang tansah ngetutaken ambegan kita, sampun dados bab ingkang mesthi panjenengan lan kula tansah syukur dhumateng sadaya nikmat ingkang boten saged kaétang satunggal-satunggal punika. Ing antawisipun nikmat ingkang kita raosaken tanpa kedah nindakaken upaya kangge nggayuh, inggih menika nikmat kamardikan ing negari ingkang kita tresnani punika.

Kamardikan dados jalaran kita saged nindakaken aktivitas lan ngibadah kanthi tentrem lan khusyuk. Kamardikan ndadosaken kita nebih saking raos ajrih saéngga saged nglampahaken roda panggesangan punika kanthi sae.

Nikmat kamardikan punika kalebet woh manis saking perjuwanganipun tiyang sepuh, para pejuang, saha para leluhur kita, kalebet ing salebetipun para ulama lan santri. Para wau menika unsur ingkang boten saged kapisahaken saking sejarah kamardikanipun Indonésia saking belenggu penjajahan.

Pramila saking punika, sampun leres sanget menawi pamaréntah maringi pangajén saha netepaken tanggal 22 Oktober minangka Dinten Santri. Punika minangka bukti pangakenipun pamarentah dhumateng perjuwanganipun para santri lan ulama pesantren anggènipun mbela kamardikanipun bangsa Indonésia.

Netepaken Dinten Santri kanthi Kaputusan Presidhen (Keppres) Nomor 22 Taun 2015. Sejarah menika wigatos kita mangertosi kangge dados perangan raos syukur kita dhumateng Allah. Tegesipun, sampun ngantos kita supe dhumateng sejarah, sahingga kanikmatan kamardikan punika badhe kaicalaken saking negari punika. Naudzubillahmindzalik.

Sepindhah malih, kita kedah éngat dhumateng Ayat Al-Qur’an ingkang dados dhasar prinsip syukur wonten ing surat Ibrahim ayat 7:

 وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ

Artosipun: “Engaten ugi nalika Pangeran panjenengan maklumaken, “Satemenipun menawi panjenengan sami syukur, mesthi Ingsun badhé nambahi (nikmat) dhumateng panjenengan; lan menawi panjenengan sami cupet (nikmat-Ingsun), mila satemenipun siksa-Ingsun awrat sanget.” (QS Ibrahim ayat 7)

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Kita kedah inget bilih proklamasi Kamardikanipun bangsa Indonesia ing tanggal 17 Agustus 1945 sanès pungkasaning perjuwangan bangsa Indonésia. Anggènipun njagi kamardikan menika, para ulama lan santri sampun nyiapaken dhiri menawi wonten pihak-pihak ingkang badhe ngrebat malih. Nyatanipun bab menika kalampahan amargi Indonésia ngadhepi agresi Walanda kaping kalih.

Nalika punika, para mudha Indonesia lumantar Laskar Hizbullah, lan sanes-sanesipun sampun siyaga ngadhepi perang kaliyan tentara sekutu. Paprangan dumugi pucukipun ing Surabaya tanggal 10 November 1945 ingkang samenika karesmekaken dados Dinten Pahlawan Nasional.

Momen menika boten saged kapisahaken saking Fatwa Resolusi Jihad NU ingkang kacetusaken dening KH Hasyim Asy’ari ing tanggal 22 Oktober 1945. Resolusi Jihad Kiai Hasyim Asy’ari nggeret sedaya unsur bangsa kangge mbela kamardikan saking Agresi Militer Walanda kaping kalih ingkang nunggang Sekutu.

Resolusi Jihad gadhah dhampak ageng lan dados panyemangat tumrap para santri lan masyarakat kangge ndherek ing paprangan 10 November 1945.

Boten namung ing Jawi Timur kemawon. Ing saweneh dhaerah ugi kalampahan perlawanan dening para santri dhumateng penjajah nalika tentara Sekutu mlebet ibu kitha Jawi Tengah.

 Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Wekdal ngrebat lan mbela kamardikan Republik Indonesia, para ulama lan santri jihad kanthi sinaan (senjata). Sasampunipun kamardikan kasil karebat lan kabela, wekdalipun samenika para unsur masyarakat mliginipun para santri lan generasi mudha jihad kanthi bayaan (inggih punika kanthi nyebaraken ngelmu).

Sumangga kita niru Kiai Hasyim ingkang boten namung pejuang kamardikan nanging ugi pejuang ngèlmu lan keaswajaan. Pondok Pesantren Tebuireng lan pondok pesantren sanesipun minangka bukti otèntik saking jihaad bil bayaan ingkang panjenenganipun lan Ulama-ulama sanèsipun lampahaken.

Pramila kita minangka Santri wajib njagi wutuhipun NKRI kanthi “Ngantheni Indonesia Mardika Tumuju Peradaban Donya”.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Saking proses perjuwangan punika, pungkasanipun Allah maringi gampil dhumateng bangsa Indonesia kangge mbalek angsal kamardikan. Mangsa-mangsa awrat ingkang kaadhepi gantos kaliyan gampil.

Bab menika selaras kaliyan dhawuh Allah wonten ing QS, al-Insyirah Ayat 5 lan 6:

فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا , إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا

Artosipun: “Amargi satemenipun sasampunipun kangelan wonten kagampilan. Estunipun sasampunipun kangelan wonten kagampilan.”

Kagampilan lan kanikmatan ingkang sampun wonten ing genggeman astanipun kita samenika kedah leres-leres kita cepeng kiyat kanthi salah satunggalipun nambah katresnan kita dhumateng nagari.

KH Hasyim Asy’ari piyambak sampun negesaken kanthi satunggaling maqalah ingkang misuwur sanget inggih menika: “Hubbul wathan minal iman” inggih punika tresna dhumateng nagari utawi nasionalisme minangka sapérangan saking iman.

Katresnan dhumateng nagari ugi kacontohaken dening Nabi Muhammad SAW wonten ing satunggaling hadits ingkang karawuhaken dening Imam Bukhari wonten ing Shahih Bukhari, juz III, kaca 23:

 حَدَّثَنَا قُتَيْبَةُ، حَدَّثَنَا إِسْمَاعِيلُ بْنُ جَعْفَرٍ، عَنْ حُمَيْدٍ، عَنْ أَنَسٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ، «أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، كَانَ إِذَا قَدِمَ مِنْ سَفَرٍ، فَنَظَرَ إِلَى جُدُرَاتِ المَدِينَةِ، أَوْضَعَ رَاحِلَتَهُ وَإِنْ كَانَ عَلَى دَابَّةٍ حَرَّكَهَا مِنْ حُبِّهَا

Artosipun: “Nalika Rasulullah badhe rawuh saking lelungan, panjenenganipun enggal-enggalaken lampahing titihan ingkang dipuntitihi sasampunipun ningali tembok kitha Madinah. Malah panjenenganipun ngantos ngobah-obahaken sato ingkang dipuntitihi wau. Sedaya punika katindakaken minangka wujud katresnan panjenenganipun dhumateng nagarinipun.” (HR Bukhari).

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten ing kalodhangan mulya punika, sumangga kita tansah matur nuwun lan syukur dhumateng para ulama lan santri ingkang sampun dados syuhada ing perjuwangan ngrebat kamardikan.

Mangga kita teladani perjuwanganipun para wau ingkang kabukti wonten ing sejarah dados perangan ingkang wigatos anggenipun ngobong semangating perjuwangan ngusir penjajah saking negari Indonesia.

Jasa-jasanipun para wau ndadosaken bangsa Indonesia saged ngrasakaken legi lan nikmatipun hawa kamardikan sahingga saged nindakaken aktivitas lan ngibadah kanthi sekeca lan khusyuk. Allah paring firman wonten ing Surat Luqman, ayat 12:

 أَنِ اشْكُرْ للهِ وَمَن يَشْكُرْ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ

Artosipun: “Matur nuwun dhumateng Allah. Lan sinten kemawon ingkang syukur (dhumateng Allah), mila satemenipun piyambakipun syukur kangge dhirinipun piyambak.”

أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

والْعَصْرِ إِنَّ الإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ

إِلاَّ الَّذِينَ أٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

” بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي

هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah Kaping Kalih

 الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ

 أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ

وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا

مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ

مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا

وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ

حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ

حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

 عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ

يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

 Editor bahasa: Khayaturrohman

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button