Khutbah Bahasa Jawa Ngrasuk Islam Tanpa Nyacat, Ngina, lan Ngasorake

NU Cilacap Online – Islam meniko agami ingkang dipun turunaken dening Allah SWT minongko dados margi kagem keslametan wonten dunya saha akhirat. Islam meniko ngatur sedoyo urusan gegesangan kalebet kados pundi anggenipun sesrawungan kalian sedoyo manungso langkung-langkung sami-sami umat Islam.

Khutbah Jumat bahasa jawa kali ini mengangkat tema “Ngrasuk Islam tanpa nyacat, ngina, lan ngasorake” oleh KH Achmad Hammam Baehaqi., SH.I, MSI Ketua LD PCNU Kabupaten Klaten.

Untuk download khutbah jumat bahasa jawa versi pdf ada di bawah ini:

Khutbah Sepindah

اَلْحَمْدُ للهِ اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسوْلُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانٍ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْم يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Jama’ah Sidang Jum’at rahimakumullah wa As’adakumullah

Mangga kita sami-sami muji syukur wonten ngerso dalem Allah SWT ingkang sampun paring nikmat kesehatan lan kenikmatan lan mangga kita sami-sami terus ningkataken keimanan lan ketakwaan dumateng Allah SWT. Shalawat ugi salam mugi kunjuk dumateng baginda nabi Muhammad SAW ingkang sampun beta dumateng kita saking jaman jahiliyyah nuju zaman ingkang kebak rohmat inggih menika Diinul Islam.

Wonten kesempatan ingkang mulya menika boten bosen khotib paring nasehat khususipun dumateng diri kulo kiyambak lan umumipun dumateng kaum muslimin supados estu ningkataken ketakwaan dumateng Allah SWT.

Jama’ah Sidang Jum’at Rahimakumullah wa As’adakumullah

Islam meniko agami ingkang dipun turunaken dening Allah SWT minongko dados margi kagem keslametan wonten dunya saha akhirat. Islam meniko ngatur sedoyo urusan gegesangan kalebet kados pundi anggenipun sesrawungan kalian sedoyo manungso langkung-langkung sami-sami umat Islam.

Kitha sedaya ngraosaken miris menawi ukhuwwah utawi pasederekan sesami umat Islam sampun dipun regeti kanthi nyacati, ngina saha ngasoraken setunggal dateng setunggalipun antawis urusan pribadi nopo dene urusan kelompok.

Allah SWT wonten Al-Qur’an Surat Al-Hujurat ayat 11 paring dawuh :

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّنْ قَوْمٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنُوْا خَيْرًا مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاۤءٌ مِّنْ نِّسَاۤءٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّۚ وَلَا تَلْمِزُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوْا بِالْاَلْقَابِۗ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوْقُ بَعْدَ الْاِيْمَانِۚ وَمَنْ لَّمْ يَتُبْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ

Artosipun : “Hai wong-wong kang podo iman, ojo nganti sewijine kaum ngolok-olok kaum liyane (kerono) biso wae sing diolok-olok iku luwih apik dibandingke sing ngolok-olok lan ojo nganti wong-wong wedok podo ngolok-olok marang wong wedok liyane (kerono) biso wae sing  diolok-olok iku luwih apik dibandingke  sing podo ngolok-olok. Awakmu ojo podo nyacat lan podo ngundang nganggo julukan kang olo. Sak elek-elekke jelukan yoiku (jelukan) kang fasik sakwise podo iman. Sopo wae sing ora mertobat, deweeke iku kalebu wong kang podo dzolim. (QS. Al-Hujurat, ayat 11)

 Jama’ah Sidang Jum’at rahimakumullah wa As’adakumullah

Katah sanget laranganipun Allah SWT ingkang asring kita lampahi sae menika dipun sengaja utawi boten dipun sengaja. Mungkin kita naming nyadari doso-doso ingkang jelas, ananging doso-doso ingkang samar kita sedaya terkadang malah mengabaikan.

Contoh ingkang sering kita lampahi inggih menika ngomongke eleke sedulur utawi sedulur seiman. Ngonek-ngonekke sedulur seiman sebab perbedaan, menghujat saudara seagama sebab beda pandangan pikiranipun. Menika lumrah dipun lampahi ananging kita boten sadar bilih menika bagian saking larangan agami Islam.

Kados pundi kita umat Islam ngakeni Islam ananging lampahan kita boten nggambaraken nilai lan ajaran Islam ugi boten nuladhani tindak-tandukipun Nabi.

Islam kanthi totalitas menika anggadahi tekad  supados boten kemawon ngelampahi perintah-perintahipun Allah lan ugi nebihi larangan-larangannipun, ananging ugi berakhlak Islami kados dipun contohaken dining Nabi Muhammad SAW.

Boten namung syirik, ngelek-ngelek ugi termasuk larangan. Mboten namung zina, ngina tiyang sanes ugi dipun larang. Mboten namung mateni, fitnah lan ngonek-ngonekke dipun larang wonten agami ninggalke solat lan doso gede kita hindari. Ananging doso-doso wonten pagesangan sosial taseh kita lampahi saben dina. Na’udzubillah.

Islam boten kemawon sekedar selogan ananging tekad kagem mahes-mahesi manah, lisan, lan lampahan ingkang sesuai ajaran Islam. Pramila kanthi menika kaum muslimin rahimakumullah, Islam nuntut akhlak ingkang mulya.

Salah setunggal ipun ngedohi perkawis ingkang estu dipun bendu dining Allah SWT kados curiga ngerasani, golek cacate sedulur, lan lintunipun. Saking bendunipun Allah nggambaraken bilih perkawis kolowau seolah-olah kados mangan daging batang (bangkai), kados dawuhipun Allah SWT ing surah al-Hujurat ayat 12:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اجْتَنِبُوا كَثِيرًا مِنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ ۖ وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا يَغْتَبْ بَعْضُكُمْ بَعْضًا ۚ أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَنْ يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ ۚ وَاتَّقُوا اللهَ ۚ إِنَّ اللهَ تَوَّابٌ رَحِيمٌ

Artosipun “Hai wong-wong kang podo iman, podo ngedohono sira kabeh prasongko kang akeh, sebab Sebagian prasongko iku doso. Lan ojo nggolek-nggolek alane wong liya. Lan ojo ngerasani salah siji sira kabeh kelawan liyane. Opotoh wong antarane sira ono sing seneng mangan daging sedulure sing wes mati? Mangka mestine sira ngerasa jijik ngono kuwi wau. Lan takwa o marang Allah. Semestine Allah kuwi Maha Nampa taubat lan Maha Penyayang”. (QS. al-Hujurat : 12)

Temtu kita mboten purun dipun padaaken kalian tiyang ingkang mangan bangkaine sedulure dewe. Mangka kanti mekaten, temtunipun kita kedah estu mahami lan angen-angen napa kemawon ingkang dados perintahipun Allah, larangan ingkang keras kangge ngomongke perkawes ingkang ngelek-ngelek dumateng sedulure dewe, ugi lajeng dipun tegasaken dining Rasulullah wonten setunggalipun hadis:

عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَ سَلَّمَ قَالَ : أَتَدْرُوْنَ مَا الْغِيْبَةُ ؟ قَالُوْا : اللهُ وَ رَسُوْلُهُ أَعْلَمُ، قَالَ : ذِكْرُكَ أَخَاكَ بِمَا يَكْرَهُ، فَقِيْلَ : أَفَرَأَيْتَ إِنْ كَانَ فِيْ أَخْيْ مَا أَقُوْلُ ؟ قَالَ : إِنْ كَانَ فِيْهِ مَا تَقُوْلُ فَقَدِ اغْتَبْتَهُ، وَ إِنْ لَمْ يَكُنْ فِيْهِ مَا تَقُوْلُ فَقَدْ بَهَتَّهُ

Artosipun: “Saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu bilih Rasulullah SAW ngendika opo toh sira ngerti apa toh kuwi nggibah? Lajeng para sahabat pada matur ‘Allah lan rasulipun langkung pirsa’ Rasulullah ngendika sira nyebut sedulurmu opo wae sing de’e ora seneng. Rasul dipun takoni ‘kados pundi menurut panjengan menawi napa ingkang kulo aturaken niku leres tumerap sedulur kula?’ Rasululah ngendika nek sira nyebut kebenerane sedulurmu mangka iku kowe wes hibah marang sedulurmu. Lan nek sira ngomongke sebalike mangka sir awes nyebut kebohongan-kebohongane sedulur mu.” (HR. Muslim)

Ngamati hadis menika, mangka apike kita ngrenungaken malih, napa artosipun saking perintah Allah mlebet Islam kanti kaffah tentu kita kedah sinau terus supados saget dados muslim ingkang sae. Dados muslim ingkang boten kemawon rajin ibadah lan ninggal laranganipun, ananging ugi jagi akhlaqul karimah.

 Jama’ah Sidang Jum’at rahimakumullah

Kanti mimbar jumat ingkang barakah menika, mumpung Allah paring kesempatan dumateng kita kagem ibadah, Allah taseh paring dateng kita kesempatan kagem ngelampahi sholat jum’at, mangga kita enggal-enggal ningkataken keimanan lan ketakwaan dateng Allah kanti ngelampahi perintah-perintahipun lan nebihi punapa larangan-laranganipun.

Mugi kita sedaya mlebet tiyang-tiyang ingkang dipun paringi umur ingkang dipun berkati dining Allah SWT. Sehingga kita saget manfa’ataken umur kita kanti sae lan saget ngelampahi tuntunanipun Kanjeng Nabi, Aamiin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ، وَالْعَصْرِ، إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُم فِى القُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِى وَإِيَّاكُمْ  بِمَا فيهِ مِن آيَةٍ وَذِكرِ الحَكِيمِ. وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا  وَمِنكُم تِلَاوَتَهُ وَإنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ العَلِيمُ. وَأَقُولُ قَولِي هذَا فَاستَغفِرُوا اللهَ إنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ

 

 Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَآءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ فِيْهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيًا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ؛

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَقُوا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ. وَ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ . اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ . رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.

اَللَّهُمَ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَصْلِحْ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِلْعَمَلِ بِمَا فِيْهِ صَلاَحُ اْلإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَ لاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا بِذُنُوْبِنَا مَنْ لاَ يَخَافُكَ فِيْنَا وَلاَ يَرْحَمُنَا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْن وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Editor Bahasa: Khayaturrohman

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button