Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Piwulangan Ingkang Kaserat Wonten Ibadah Haji

NU Cilacap Online – Mboten wonten bentenipun tiyang kulit putih menapa ireng, mboten wonten bedanipun piyantun arab menapa ‘ajam wonten ngarsanipun Allah. Kejawi namung iman sarta taqwa lan amal shalihipun.

Khutbah Jumat bahasa Jawa kesempatan ini mengangkat judul ” Piwulangan Ingkang Kaserat Wonten Ibadah Haji”. Naskah khutbah di susun oleh Kiai Khairul Muttaqien ketua LD PCNU Kota Surakarta.

Untuk download khutbah Jumat bahasa jawa link ada di bawah ini :

Khutbah Sepindah

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِأَدَاءِ الشَّرَائِعِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللهُ السَّمِيْعُ الْبَدِيْعُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

 اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ.

 أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ، فِيْهِ اٰيٰتٌۢ بَيِّنٰتٌ مَّقَامُ اِبْرٰهِيْمَ ەۚ وَمَنْ دَخَلَهٗ كَانَ اٰمِنًا ۗ وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ اِلَيْهِ سَبِيْلًا ۗ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعٰلَمِيْنَ.

 Jamaah shalat Jum’at ingkang minulya

Kagem ngawali khutbah singkat wonten kalodhangan meniko, khotib wasiat kagem kulo piyambak soho poro jamaah, monggo kita sami taqwa dhumateng Allah SWT. Ingkang saestu estu taqwa, yaiku nglampahi sedoyo perintah soho nebihi sedoyo laranganipun sangking  gusti Allah SWT.

Alhamdullillah wonten akhir wulan menika, rangkaian ngibadah haji sampun dugi malih, sampun katah rombongan jamaah calon haji sangking Indonesia ingkang sampun dugi wonten Tanah suci.

Kangge hormati jamaah haji kasebat, pramila wonten khutbah jum’at meniko kula badhe ngaturaken sekedik babagan pengertian kegiatan ibadah haji saha pinten-pinten piwulangan ingkang saget kita pendhet sangking lapahing ibadah haji kasebat.

 Jamaah Jum’at rahimakumullah

Ibadah haji menika nyaosi pengertian dumatheng kita sedoyo bilih sejatosipun sedaya manungsa sami derajatipun wonten ngarsanipun Allah SWT.

Mboten wonten bentenipun tiyang kulit putih menapa ireng, mboten wonten bedanipun piyantun arab menapa ‘ajam wonten ngarsanipun Allah. Kejawi namung iman sarta taqwa lan amal shalihipun.

Mboten wonten keluwihanipun jendral menapa kopral, gubernur menapa tukang sayur wonten ngarsanipun Allah. Pramila mangga kita mangertosi ingkang dipun lampahi tiyang-tiyang ingkang nindaaken ibadah haji menika.

Jamaah sahalat Jum’at ingkang minulyo

Jamaah haji ingkang dugi sangking bangsa lan negara ingkang benten-benten meniko nindaaken ibadah haji kanthi sami, sami-sami ugi maos Talbiyah, kalih waosan ingkang sami ugi yaiku.

لَبَّيْكَ اللَّهُمَّ لَبَّيْكَ، لَبَّيْكَ لَا شَرِيْكَ لَكَ لَبَّيْكَ، إِنَّ الْحَمْدَ وَالنِّعْمَةَ لَكَ وَالْمُلْكَ لاَ شَرِيْكَ لَكَ

 Artosipun: “Kulo dugi nglampahi perintahipun panjengan ya Allah, Kulo dugi mboten wonten ingkang nyekutoaken panjengan nglampahi perintahipun panjengan ya Allah, sejatosipun sedaya puji dalah kamulyaan lan sedoyo kuoso kagunganipun panjengan, mboten sanes kejawi panjengan.”

Sedaya jamaah haji ngagem busana ikhram ingkang sami nggih ngagem busana putih lan ugi mboten dijahit. Wekdal meniko nindakaken ibadah haji mboten wonten bedanipun tiyang Raja, Hamba sahaya, pejabat menapa rakyat lan mboten wonten malih bedanipun Jendral kaleyan Kopral.

Wonten wekdal menika sedaya gelar ingkang dipun sandang lan diagung-agungaken malah kadang kanti gelar menika wonten kangge ngasoraken tiyang sanes ditilar sedoyo wonten wekdal meniko.

Sedoyo pangkat saha busana keagungan ingkang nate dipun agem ditilaraken ingkang kadang ugi saget nglarani ati tiyang miskin ugi ditilar sedaya.

 Jamaah shalat Jum’at ingkang minulya

Ningali praktek ibadha haji menika dados gamblang, sejatosipun Islam ngajaraken kita sedaya menika sami derajatipun wonten ngarsane gusti Allah SWT.

Sebab menika Islam mengutuk sikap mental ingkang saget luwihaken setunggaling kelompok manungsa tinimbang manungsa sanesipun. Raos gadahi derajat ingkang luwih unggul tinimbang sanesipun, mergo Keturunan, merga kekuasaan, amargi kepinteran saha kesaenan paras ipun. Menika dikutuk sangking Islam minangka sifat Takabur dadosaken kesombongan.

Pramilo Rasulullah dawuhaken dumateng Sahabat Bilal kanthi panggilan ingkang ino, “Wahai bocah wadon kang ireng” Rasulullah SAW lajeng dawuh : Hai Abu Dzar, mboten wonten kaluwihan piyantun kulit putih menopo kulit ireng kejawi amal shalehipun .

 Jamaah shalat Jum’at rahimakumullah

Wonten perjalanan sejarah, wonten 3 bab ingkang asring nyebabaken masyarakat raos lewih sae menapa unggul saha hebat ketimbang sanesipun sehingga raosaken bilih lintunipun menika kados dene budak budakipun .

Tiga bab menika inggih menika keturunan, kekuasaan lan sugih, mangga kita tingali setunggal setunggalipun.

Sepindah keturunan, meniko saget dadosaken Feodalisme (kados sistem bangsawan) nopo malih impiarilsme (perampasan wilayah) sampun berabad abad piyantun kulit putih nganggep bilih piyambake piyantun ingkang luwih kuat luwih sae tinimbang pinyantun ingkang kulitipun ireng.

Lan dadosaken manunggo gesang raos dijajah saha penindasan, sakderengipun perang dunia kaping 2 (kalih) wonten Jerman. Adolf Hitler ngajaraken bab keluwihan bangsa Aria lan anggapan menika dadosaken jutaan manungsa dilebetaken kamar-kamar penyiksaan lan kamp-kamp konsentrasi saha di pateni supados bangsa sanesipun ingkang di anggep ina musnah.

Bangsa Jepang ugi nate nganggep piyambakke keturunan Dewa Matahari sehingga luwih mulya tinimbang bangsa sanesipun. Anggepan menika dadosaken Jepang mimpin piyantun-piyantun timur saha nyebaraken maut lan penderitaan.

Sebab mekaten meniko Rosulullah dawuhaken :

لَا فَضْلَ لِعَرَبِيٍّ عَلٰى اَعْجَمِيٍّ اِلَّا بِالتَقْوَى

 Artosipun: “Mboten wonten kesaenan kagem piyantu arab kagem sak liyane arab, kecobo naming taqwa..”

Sak sampunipun keturunan, kekuasaan asring kagem rendahaken tiyang sanes. Allah sampun ngemutaken dumateng kita sedaya bab masalahe Fir’aun, ingkang gadahi kekuasaan sehingga dadosaken tindakan ingkang sewenang-wenang. Saha memperbudak tiyang -tiyang  bani Israil.

Sakminika tasih ketingal wonten fir’aun fir’aun alit ingkang ngginaaken kekuasaan kagem nindakaken sewenang-wenang, raos seneng nalikane tiyang sanes kesusahan.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Saklajengipun  kekuasaan, inggih punika sugih asring ugi kagem nindas piyantun sanes kagem menindas. Sebab raos bilih piyantun meniko lebih mulia ketimbang tiyang sanes.

Sangking katahipun piyantun ingkang pados damelan, nalikane paring upah mboten nyekapi kagem sangu kebutuhanipun, tenaga nipun di peres, supados untungipun langkung katah, sebab sugih kita kadang dadosaken pembantu kita sedoyo, kadang dipaksa kerja pagi ngantos sonten.

Lan ugi kadang kita seneni nalikane ndamel kesalahan, sebab sugih kita sedaya malingkan wajah dumateng piyantun-piyantun miskin lan milih kempal dumateng piyantun-piyantun sugih.

Ngucap kalimat ingkang alus dumateng kanca-kanca kita ngucap kasar kagem sopir menapa tukang kebun kita.

Pramila, wonten dinten meniko mangga kito renungaken malih pelajaran sangking ibadah haji menika, sejatosipun manungsa niku sami derajate wonten ngarsanipun Allah SWT.

Mekaten khutbah menika ingkang kulo aturaken mugi dasoso gadahi raos rendah wonten ngarsanipun Allah SWT lan kita sedaya diselametaken sangking ngadahi sifat sombong.

Lan Mugi-mugi kita sedaya pinaringan kesempatan dados tamune Gusti Allah, saget nglampahi ibadah haji lan umrah dhateng Baitullah. Amin ya Rabbal Alamin.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ، وَالْعَصْرِ، إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ.

 اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

 اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Jumat bahasa Jawa

Editor bahasa : Khayaturrohman

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button