Khutbah Jumat Bahasa Jawa Kautamanipun Wulan Sya’ban

NU Cilacap OnlineTanpa kersa, kita sampun kapanggih kaliyan wulan Sya’ban, inggih punika wulan ingkang dados pratandha bilih kita saya caket kaliyan wulan suci Ramadhan. Wulan Sya’ban menika wulan kaping wolu ing penanggalan Hijriyah, ingkang mapan sasampunipun wulan Rajab lan sakderengipun wulan Ramadhan.

Khutbah Jumat bahasa jawa menika ngangkat judul: “Kautamanipun Wulan Sya’ban” Naskah Khutbah dipun serat dening Bagus Ahmad Fanani Alif Faqih (Mahasiswa UNU Surakarta) lan Ibu Nyai Afrohah, S.HI., M.Sy. (Pengurus LD PWNU Jawa Tengah. Bidang Tabligh dan pengembangan Masyarakat)

Download khutbah Jumat bahasa Jawa

Khutbah Sepndah

 بسم الله الرحمن الرحيم

الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ بَعْضُ الشُّهُوْرِ وَالأَيَّامِ وَالَليَالِي بِمَزَايَا وَفَضَائِلَ يُعَظَّمُ فِيْهَا الأَجْرُ والحَسَنَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اللّهُمَّ صَلّ وسلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وِعَلَى آلِه وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ في أَنْحَاءِ البِلاَدِ. أمَّا بعْدُ، فيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ

فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا، وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَى

Jamaah shalat Jum’ah ingkang pinaringan rahmat dening Allah ﷻ.

Tanpa kersa, kita sampun kapanggih kaliyan wulan Sya’ban, inggih punika wulan ingkang dados pratandha bilih kita saya caket kaliyan wulan suci Ramadhan. Wulan Sya’ban menika wulan kaping wolu ing penanggalan Hijriyah, ingkang mapan sasampunipun wulan Rajab lan sakderengipun wulan Ramadhan.

Miturut basa, Sya’ban asalipun saking tembung Arab “syi‘âb” ingkang tegesipun dalan inggil ing dhuwur gunung. Makna “dalan” menika saged dipun-qiyasaken bilih kita saweg mlampah ngambah dalan nuju Ramadhan, wulan ingkang paling dipunmulyakaken wonten ing ajaran Islam.

Kedudukan wulan Sya’ban ingkang kapetang ing antawisipun Rajab lan Ramadhan, ndadosaken wulan punika kados-kados kirang kawigatosan tinimbang kalih wulan sanesipun, saéngga asring dipunlirwaaken. Rasulullah ﷺ paring dawuh.

عن أُسَامَة بْن زَيْدٍ قَالَ قُلْتُ يَا رَسُولَ اللَّهِ لَمْ أَرَكَ تَصُومُ شَهْرًا مِنْ الشُّهُورِ مَا تَصُومُ مِنْ شَعْبَانَ قَالَ ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ

Artosipun: “Usamah bin Zaid ngendika, “Dhuh Rasulullah ﷺ, kawula mboten nate ningali panjenengan poso kados dene panjenengan poso ing wulan Sya’ban.” Nabi ﷺ paring wangsulan, “Wulan Sya’ban punika wulan ingkang asring kalalen déning manungsa, amargi mapan wonten ing antawisipun wulan Rajab lan wulan Ramadan. Wulan Sya’ban punika ugi wulan nalika amal-amal dipun angkat. Mila saking punika, kawula kepengin nalika amalkula dipun angkat, kawula wonten ing kahanan nembe nindakaken poso.” (HR. Nasa’i)

Saking hadis punika, kita saged mangertos bilih kathah umatipun Nabi Muhammad ﷺ ingkang kesupen dhateng wulan Sya’ban, sanadyan wulan Sya’ban punika mboten kalah misuwur kaliyan wulan Rajab lan wulan Ramadan, saha gadhah kathah keutamaan ing salebetingipun.

Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rahmat dening Allah ﷻ,

Wonten sawetawis keutamaan ing wulan Sya’ban, antawisipun: Ingkang kapisan: Nisfu Sya’ban
Kaistimewanipun wulan Sya’ban ingkang paling utami mapan wonten ing pertengahane, utawi ingkang dipun wastani Nisfu Sya’ban. Miturut tegesing tembung, Nisfu Sya’ban ateges dinten utawi dalu pertengahan wulan Sya’ban, inggih punika tanggal gangsal welas wulan Sya’ban.

Ing wulan punika, umat Islam saged ngginakaken wekdal kanthi saestu-saestu. Perkara ingkang saged dipun lampahi ing wulan punika inggih menika nindakaken pasa saha ngathahaken shalat ing dalu dintenipun. Kados pundi ingkang kasebat wonten ing haditsipun Rasulullah ﷺ:

إذَا كَانَتْ لَيْلَةُ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَقُومُوا لَيْلَهَا وَصُومُوا نَهَارَهَا. رواه أبو دود

Artosipun:“Manawi sampun dumugi wengi Nisfu Sya’ban, mila padha nglampahna shalat sunnah ing dalem wengi punika, lan padha poso sunnah ing dalem awanipun.”(HR. Ibnu Majah)

Ing hadits sanes dipun terangaken bilih, ing dinten Nisfu Sya’ban punika, Allah ﷻ badhe paring pangapunten dhateng sedaya tiyang ing salumahing bumi, kejawi tiyang ingkang nyekutokaken Allah ﷻ lan tiyang ingkang nyimpen rasa dengki ing manahipun.

يَطَّلِعُ اللهُ إِلَى خَلْقِهِ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ (رَوَاهُ ابْنُ حِبَّانَ والطَّبَرَانِيُّ وَالْبَيْهَقِيُّ)

Artosipun: “Allah maringi rahmat dhateng para kawulanipun ing dalu Nisfu Sya’ban, lajeng Panjenenganipun paring pangapunten dhateng sedaya makhlukipun, kajawi tiyang ingkang musyrik saha tiyang Muslim ingkang gadhah permusuhan, dengki, lan kebencian dhateng Muslim sanesipun.” (HR. Ibnu Hibban, ath-Thabarani, lan al-Baihaqi).

Mila saking punika, sumangga kita sami ndandosi sesambetan kita kaliyan Allah ﷻ saha kaliyan sesami Muslim, sumangga kita sami paring pangapunten, ambuka manah kanthi lega, saha nyingkiraken rasa iri lan kebencian saking manah kita sadèrèngipun dalu Nisfu Sya’ban rawuh.

Ingkang kaping kalih: turunnipun ayat dhawuh supados maca shalawat dhateng Nabi Muhammad ﷺ.
Salah satunggaling prastawa wigati ingkang asring dipun gandhengaken kaliyan wulan Sya’ban inggih punika turunnipun ayat Al-Qur’an ingkang kanthi cetha maringi dhawuh dhateng para mukmin supados maca shalawat dhateng Nabi Muhammad ﷺ, inggih punika QS. Al-Ahzab ayat 56.

اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا ۝٥٦

Artosipun: “Satemene Allah ﷻ saha para malaikatipun tansah paring shalawat dhateng Nabi. Heh para tiyang ingkang sami iman, sami paringana shalawat panjenengan dhateng Nabi saha aturana salam kanthi pangajab pakurmatan dhateng panjenenganipun.

Ayat punika nerangaken bilih Allah ﷻ saha para malaikatipun sampun langkung rumiyin paring shalawat dhateng Nabi Muhammad ﷺ, sakderengipun dhawuh dhateng para tiyang mukmin supados nindakaken prekawis ingkang sami. Bab punika nedahaken kemulyanipun Nabi Muhammad ﷺ ing ngarsanipun Allah ﷻ.

Para ulama’ nerangaken bilih wulan Sya’ban punika minangka wulan shalawat, amargi wonten ing wulan punika tumurun dhawuhipun Allah ﷻ supados ngluhuraken Nabi Muhammad ﷺ. Maos shalawat boten namung nambah ganjaran pahala, nanging ugi saged ngiyataken paseduluran katresnan dhateng Rasulullah ﷺ. Ing salah satunggaling hadis dipun sebataken:

مَنْ صَلَّى عَلَيَّ وَاحِدَةً، صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ عَشْرًا

Artinya: “Barang siapa bershalawat kepadaku sekali, maka Allah akan bershalawat kepadanya sepuluh kali lipat.” (HR. Muslim)

Ingkang kaping tiga: wulan diangkatipun amal ibadahipun umat manungsa.
Kados ing katerangan hadits inggil punika, bilih wulan Sya‘ban punika dados wulan diangkatipun sedaya amal ibadahipun umat manungsa ingkang wonten ing bumi, lajeng dipun aturaken dhateng Allah ﷻ.

Mila saking punika, Rasulullah ﷺ kathah nglampahi pasa ing wulan punika. Rasulullah ﷺ ngendika:

 كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُومُ حَتَّى نَقُولَ لَا يُفْطِرُ وَيُفْطِرُ حَتَّى نَقُولَ لَا يَصُومُ فَمَا رَأَيْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اسْتَكْمَلَ صِيَامَ شَهْرٍ إِلَّا رَمَضَانَ وَمَا رَأَيْتُهُ أَكْثَرَ صِيَامًا مِنْهُ فِي شَعْبَانَ

Artosipun: “Rasulullah ﷺ punika asring nglampahi siyam (puwasa), ngantos kita sami ngira bilih Panjenenganipun boten nate ninggal siyam. Lan Panjenenganipun ugi asring boten siyam, ngantos kita sami ngira bilih Panjenenganipun boten nate siyam. Nanging kula boten nate ningali Rasulullah ﷺ siyam sak wulan kebak, kejawi wonten ing wulan Ramadhan, lan kula boten nate ningali Panjenenganipun langkung kathah siyam ngluwihi siyam ing wulan Sya’ban.” (HR. Bukhari).

Ingkang kaping sekawan: puwasa wulan Sya’ban punika dipunremeni dening Rasulullah ﷺ.
Wonten ing wulan Sya’ban, Rasulullah ﷺ kathahaken puwasa sunnah, malah ngluwihi wulan-wulan sanesipun kejawi Ramadhan. Pramila punika nuduhaken bilih wulan Sya’ban dados wulan persiapan ruhani ingkang sanget wigati sadèrèngipun mlebet wulan suci Ramadhan.

Sayyidah Aisyah ra. nyariyosaken bilih wulan ingkang paling dipun tresnani dening Rasulullah ﷺ kangge nglampahi puwasa sunnah inggih punika wulan Sya’ban, lajeng Panjenenganipun nyambung puwasa punika kaliyan puwasa Ramadhan. Wonten ing hadis dipunsebataken:

كَانَ أَحَبَّ الشُّهُوْرِ إِلَى رَسُوْلِ اللهِ صلى الله عليه وسلم أَنْ يَصُوْمَهُ شَعْبَان ثُمَّ يَصِلَهُ بِرَمَضَانَ. أَخْرَجَهُ أحمدُ وأبو داودَ والنَّسَائِيُّ

Artosipun:Sasi ingkang paling dipun remeni dening Rasulullah ﷺ kangge nindakaken puasa sunnah ing salebeting punika inggih punika sasi Sya’ban, lajeng Panjenenganipun nyambungaken kaliyan puasa Ramadhan.” (HR. Ahmad, Abu Dawud, lan An-Nasa’i)

Hadis punika nedahaken sepinten agengipun kawigatosan Rasulullah ﷺ dhumateng ibadah puasa ing sasi Sya’ban. Tresna lan remenipun Panjenenganipun dhumateng puasa Sya’ban boten tanpa sebab, nanging awit saking kathahipun kautaman lan hikmah ageng ingkang kasimpen ing salebeting punika.

Para ulama njlentrehaken sawetawis hikmah punapa sababipun Rasulullah ﷺ makaten ngatos-atos lan maringi kawigatosan ageng dhumateng puasa Sya’ban, ing antawisipun:

  1. Dados latihan saha persiapan tumuju sasi Ramadhan, supados badan lan jiwa sampun kulina kaliyan ibadah puasa.
  2. Dados wujud ngurip-uripi ibadah ing sasi ingkang asring dipun lalekaken, awit sasi Sya’ban wonten ing antawisipun kalih sasi mulya, inggih punika Rajab lan Ramadhan.
  3. Dados wekdal dipun angkatipun amal-amal dhateng Allah ﷻ, mila Rasulullah ﷺ kersa supados amalipun dipun angkat nalika Panjenenganipun wonten ing kaanan puasa.
  4. Nedahaken katresnan saha tuladha ing nindakaken ibadah, supados umat Islam saged nuladha kasungguhan Rasulullah ﷺ ing nyedhakaken dhiri dhumateng Allah ﷻ.

Para jamaah shalat Jumat ingkang tansah pinaringan rahmat dening Allah ﷻ,

Mugi-mugi sedaya ingkang sampun kawedalaken dening khatib saged dados paedah lan manfaat kangge kita sedaya. Aamiin Yaa Rabbal ‘Aalamiin.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ , بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَحِيْمِ . وَالْعَصْرِ . إِنَّ الإنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ . إِلا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Editor bahasa: Khayaturrohman

 

 

 

 

 

 

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button