Khutbah Bahasa Jawa; Makna Hari Santri

NU Cilacap Online – Khutbah jumat kali ini mengetengahkan khutbah bahasa Jawa dengan judul Makna Hari Santri lan Pentinge Nguri-uri Nilai Keislaman lan Keindonesiaan. Khutbah ini ditulis oleh Saeful Nur Hidayat, Pengurus Cabang Lembaga Dakwah Nahdlatul Ulama (LDNU) Cilacap.
KHUTBAH I

Sedoyo puji kagem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun maringi kito sedoyo nikmat iman, sehat, lan nikmat kesempatan kangge sami ngumpul ing masjid Allah dinten Jum’at meniko.
Nikmat-nikmat puniko kedah kito syukuri kanthi tumindak lan ibadah ingkang leres, amargi nikmat iman lan sehat iku bekal agung kangge gesang ingdalem dunya lan akhirat.
Punapa artosipun nikmat iman yen mboten kito jagi lan uripake kanthi amal saleh? Punapa gunane nikmat sehat yen mboten kito manfaatake kangge gesang ing jalan Gusti Allah?
Lajeng, Shalawat lan salam mugio tansah katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, poro keluarga, sahabat, lan sedoyo umatipun ingkang setya nampi piwulangipun ngantos akhir zaman.
Jamaah Jum’at ingkang Minulyo
Monggo kito sami ningkataken ketakwaan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sebenar-benere takwa.
Baca juga Khutbah Jumat Misi Utami Dakwah Nabi Muhammad SAW
Takwa mboten namung nindakake perintah Allah, nanging ugi nyingkiraken sedoyo larangan nipun Allah lajeng kito kedah tetep sabar lan tawakal ing dalem ngadhepi cobaan-cobaan ing gesang meniko.
Saben kito mesti ngadhepi uji coba, nanging tiyang ingkang takwa mesthi bakal angsal pitulung saking Allah.
Baca juga Seba serbi hari santri MWCNU Karangpucung
Mugi-mugi kito tansah kalebet tiyang-tiyang ingkang angsal pitulungan lan kanugrahan ing dunya lan akhirat. Amiin Yaa Robbal’alamiin.
Jamaah Jum’at ingkang Minulyo,
Tanggal 22 Oktober meniko kito sami mengeti dinten istimewa, inggih meniko Hari Santri Nasional. Dinten puniko boten namung minongko momen kangge poro santri ing pondok pesantren, nanging ugi minongko pangenget tumrap sadhaya umat Islam ing Nuswantara babagan peran penting poro santri ing sejarah perjuangan bangsa lan Islam ing Indonesia.
Santri lan pondok pesantren nggadahi sejarah ingdalem pergerakan bangsa Indonesia. Wonten ing era perjuangan fisik, poro ulama lan santri mboten namung ngurusi babagan agama, nanging ugi nindakake perjuangan nyata kangge kemerdekaan bangsa nglawan penjajahan kanthi semangat jihad fi sabilillah. Salah sijining piwulang mulya yameniko fatwa
K.H. Hasyim Asy’ari ing taun 1945 ingkang kito kenal naminipun Resolusi Jihad. Resolusi Jihad meniko ndhawuhi poro santri lan umat Islam kangge mbela tanah air saking penjajahan.
Ing pertempuran Surabaya, santri lan ulama sami maju ngadhepi tentara sekutu ingkang bade ngrayah Indonesia ingkang sampun merdeka.
Wonten ing sejarah pertempuran Surabaya tanggal 10 November 1945, santri lan ulama mbuktikaken bilih perjuangan mbela tanah air minangka bagian saking iman lan jihad.
Baca juga Khutbah Jumat Bahasa Jawa Masjid Ramah Anak
Perjuangan meniko mboten namung kagem mbela bangsa, nanging ugi mbela ajaran Islam kangge lestari wonten ing Nuswantara. Lelakon poro santri meniko mboten namung bab kepahlawanan fisik, nanging ugi babagan spiritualitas, keikhlasan, lan semangat ngibadah.
Jamaah Jum’at ingkang Minulyo,
Allah Subhanahu wa Ta’ala paring dhawuh ing Al-Qur’an:
وَأَعِدُّوا۟ لَهُم مَّا ٱسْتَطَعْتُم مِّن قُوَّةٍ وَمِن رِّبَاطِ ٱلْخَيْلِ تُرْهِبُونَ بِهِۦ عَدُوَّ ٱللَّهِ وَعَدُوَّكُمْ وَءَاخَرِينَ مِن دُونِهِمْ لَا تَعْلَمُونَهُمُ ٱللَّهُ يَعْلَمُهُمْ ۚ وَمَا تُنفِقُوا۟ مِن شَىْءٍ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ يُوَفَّ إِلَيْكُمْ وَأَنتُمْ لَا تُظْلَمُونَ
Artosipun:
“Siyapna kanggo ngadhepi wong-tiyangkuwi apa wae sing sira bisa, arupa kekuwatan sing sira duwe lan pasukan jaran. Kanthi persiapan kuwi, sira bakal nggawe mungsuh- mungsuhe Allah, mungsuh-mungsuhmu, lan wong-tiyangliyane sing ora kok sumurupi dadi wedi, nanging Allah ngerti wong-tiyangkuwi. Apa wae sing kok infakna ing dalan Allah, mesthi bakal dibales kanthi penuh marang sira, lan sira ora bakal dizalimi.” (Qs. Al Anfal: 60)
Ayat meniko nedahaken bilih kito kedah nyiapake sedoyo kekuwatan, boten namung fisik nanging ugi spiritual, ilmu, lan akhlak kangge mbangun kekuwatan umat lan bangsa.
Umat Islam, utamane para santri, kedah tansah siyap mbela negara, agama, lan masyarakat kanthi kekuwatan fisik lan moral. Mboten namung kanthi senjata, nanging ugi kanthi ilmu lan amal.
Amargi, Islam ngajak umatipun supados mboten namung berjuang lan ngibadah kangge urip akhirat, nanging ugi dados umat ingkang ngatur gesang dunyo kanthi becik, nglayani masyarakat, lan mbangun bangsa.
Jamaah Jum’at ingkang Minulyo,
Santri ing jaman sakniki nggadahi peran ingkang boten kinten penting. Amargi ing tangan poro santri, nilai-nilai luhur keislaman lan keindonesiaan saged lestari. Pondok pesantren sak niki mboten namung dados pusat sinau agama, nanging ugi dados pusat pangembangan moral, ilmu pengetahuan, lan keterampilan sosial.
Santri mboten namung sinau bab shalat lan puasa, nanging ugi bab kepemimpinan, kemandirian, lan tata cara urip gesang ing masyarakat modern.
Santri jaman sak niki dipun bekali sakabehe ilmu kangge mbangun bangsa, mulo perane tambah penting wonten ing perkembangan bangsa.
Baca juga Semarak Hari Santri NU Sampang Siapkan Kaleng Jumbo
Poro santri minongko generasi ingkang nyawijiaken semangat Islam ingkang rahmatan lil ‘alamin kaliyan cinta marang tanah air. Santri boten namung sinau babagan agama, nanging ugi nglebetaken piwulang bab urip berbangsa lan bermasyarakat. Meniko sebabipun santri dados generasi ingkang penting kangge ngeteraken piwulang agama Islam ing urip sehari-hari tanpa ninggalake identitas kito minongko bangsa Indonesia.
Ing sejarahipun, santri lan ulama senantiasa ngedepanaken toleransi, kearifan lokal, lan ketaatan marang hukum negara kanthi tetep nguri-uri ajaran Islam. Santri dituntut supados tetep setya marang agama, nanging ugi mboten nglewati tugas minongko warga negara ingkang bertanggung jawab.
Jamaah Jum’at ingkang Minulyo,
Ing pungkasan khutbah meniko, monggo kito sami ndedonga mugi-mugi Allah paring kekuatan lan kesabaran dhumateng poro santri lan umat Islam ing Nuswantara kangge terus njaga nilai-nilai keislaman lan keindonesiaan. Mugio kito tansah diparingi pimpinan ingkang amanah lan masyarakat ingkang tentrem.
Resolusi Jihad mboten namung sejarah ingkang kedah dipunpengeti saben taun, nanging piwulang penting bilih umat Islam kudu tansah njaga kesatuan, bela negara, lan tansah memperjuangkan kebenaran. Para ulama lan santri mbela kemerdekaan mboten namung kagem agama, nanging ugi kagem kabecikan bangsa lan negara. Santri lan ulama minangka penjaga nilai-nilai luhur Islam lan keindonesiaan.
Mugi-mugi kita tansah saged nglanjutaken perjuangan para ulama lan santri generasi lawas kanthi tetep mbela agama lan negara kanthi budi pekerti luhur, keilmuan, lan ketakwaan. Amiin Yaa Robbal’alamiin
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا ۖ وَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٓ اِخْوَانًاۚ وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَا ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِه لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ. باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن
Khutbah Kapindo
أَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ لَهُ مَا فِى السَّمَوَاتِ وَمَا فِى الْأرْضِ. وَلَهُ الْحَمْدُ فِى الْأُوْلَى وَالْأَخِرَةِ. وَهُوَ الْوَلِيُّ الْحَمِيْدُ. ألمُبْدِئُ الْمُعِيْدُ. ذُوْ الْعَرْشِ الْمَجِيْدُ. وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ شَهِيْدٌ. أَشْهَدُ أنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْعَزِيْزُ الْحَمِيْدُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَنْ دَعَا إِلَى اْلإسَلَامِ وَالتَّوْحِيْدِ
ألّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْوَعِيْدِ. أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ رَحِمَكُمُ اللهِ، أُوْصِيْكُم ونَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن. وَاعْلَمُوْا أنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ.
فَقَالَ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ عَلِيْمٍ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. اِنَّ اللّٰهَ وَمَلآىِٕكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. ألّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، حَبِيْبِكَ خَيْرِ الْخَلْقِ صَاحِبِ الْوَجْهِ الْكَرِيْم. وَعَلَى آلهِ وَصَحْبِهِ أجْمَعِيْن. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلَى يَوْمِ الدِّيْن. وَارْحَمْنَا وَإيَّاهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أرْحَمَ الرَّاحِمِيْن.
ألّلهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ. وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. ألْأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأمْوَاتِ. إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِي الْحَاجَاتِ. ألَّلهُمَّ انْصُرِ اْلإسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَأهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْظَّالِمِيْن. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ.
ألّلهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ، وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ وَالْفِتَنَ. مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا إنْدُوْنِيْسِيَا خَاصَّةً. وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. إنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ . رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإيْمَانِ وَلَاتَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ أمَنُوْا رَبَّنَا إنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. رَبَّنَا أتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلأخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Download file PDF Khutbah Bahasa Jawa Makna Hari Santri Nasional 2024





