Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tigang bab Kang Ndadosaken Amal dipun Tampi

NU Cilacap Online – Sinten tiyang muslim sejati mesthi gadhah pangajeng-ajeng saged mlebet swarga tanpa ngalami siksa. Para ulama Ahlus Sunnah wal Jama’ah njlentrehaken bilih namung tiyang ingkang pungkasanipun gesang nggawa iman ingkang angsal hak mlebet swarga.
Khutbah Jumat Bahasa Jawa sakmenika berjudul: Tigang bab kang ndadosaken Amal dipun Tampi” dipun susun dening Kiai Muhammad Mawardi Ketua LD PCNU Kabupaten Brebes.
Download Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Sepindah
الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ الرَّحْمٰنِ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Monggo kita sami tuma’ninah ing taqwa dhateng Allah ta‘ala, ngupaya sak sampurnanipun supados tansah tuhu lan manut dhateng dhawuh-dhawuhipun Allah saha nyingkiri sedaya ingkang dipun larang. Kanthi taqwa, gesang kita badhe tentrem, manah kita sumringah, lan kita badhe dados tiyang mulya wonten ing ngarsanipun Allah, ing donya ugi ing akhirat.
Sinten tiyang muslim sejati mesthi gadhah pangajeng-ajeng saged mlebet swarga tanpa ngalami siksa. Para ulama Ahlus Sunnah wal Jama’ah njlentrehaken bilih namung tiyang ingkang pungkasanipun gesang nggawa iman ingkang angsal hak mlebet swarga.
Dene tiyang ingkang su’ul khotimah, tegesipun pungkasanipun gesang tanpa nggawa iman, mila badhe langgeng wonten ing neraka salawas-lawase. Na‘udzubillahi min dzalik.
Monggo kita tansah nyebaraken tentrem lan katentreman wonten ing pundi kemawon kita manggon. Mliginipun ing jaman samenika, ingkang kathah fitnah lan paseduluran pecah. Perang kedadosan wonten ing sawetawis pundi-pundi jagad, pada jeglong-jeglongan lan silih fitnah, kados sampun dados budaya ing pundi-pundi papan.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Satemenipun kathahing manungsa ingkang asring lali saha sembrana bab gesang wonten ing alam kubur lan alam akhirat. Mila nuwuhaken padu saha fitnah ing pundi-pundi. Ananging taqwa saha amal shalih punika minangka bekal ingkang paling sae saha paling utama.
Gusti Allah Subḥanahu wa Ta‘ala ngendika:
أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ، حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ
Artosipun: “Tumindak adigang adigung awit nglumpukake donya sampun nglirwakakake panjenengan, dumugi panjenengan mlebet ing kuburan,” (QS. at-Takatsur Ayat: 1-2).
Salah satunggaling ulama Nusantara ingkang dados kabanggaanipun Indonesia, Imam Nawawi Banten, wonten ing karyanipun Nasha ihul ‘Ibad nyerataken satunggaling hadits:
سَيَأْتِى عَلَى أُمَّتِى زَمَانٌ يُحِبُّوْنَ اْلخَمْسَ وَيَنْسَوْنَ اْلخَمْسَ : يُحِبُّوْنَ الدُّنْيَاوَ يَنْسَوْنَ اْلآخِرَةَ وَيُحِبُّوْنَ اْلحَيَاةَ وَيُنْسَوْنَ الْمَوْتَ وَيُحِبُّوْنَ اْلقُصُوْرَ وَيَنْسَوْنَ اْلقُبُوْرَ وَيُحِبُّوْنَ الْمَالَ وَيَنْسَوْنَ اْلحِسَابَ وَيُحِبُّوْنَ اْلخَلْقَ وَيَنْسَوْنَ الْخَالِقَ
Artosipun: “Badhe rawuh satunggaling jaman, ingkang umatipun langkung remen dhateng 5 prakawis lan lali dhateng 5 prakawis sanèsipun:
- Luwih tresna dhateng donya lan lali dhateng akhirat.
- Luwih tresna dhateng gesang lan lali dhateng pati.
- Luwih remen dhateng griya-griya ageng sarta mewah lan lali kuburan.
- Luwih remen dhateng banda donya lan lali hisab.
- Luwih remen dhateng sesami makhluk lan lali dhateng Allah Subḥanahu wa Ta’ala.
Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,
Ayat Al-Qur’an saha hadits ing nginggil saged dados cemeti kangge kita, bilih sedaya perkawis ingkang saged nginaaken kita wonten ing alam kubur saha akhirat kedah kita antisipasi lan kita tinggalaken. Wong ingkang pinanggih kanugrahan punika inggih punika tiyang ingkang slamet ing alam kubur saha akhiratipun.
Kenging kita nglumpukaken banda donya mawi niyat kangge dados wasilah anggenipun taat dhateng Allah Subḥanahu wa Ta‘ala. Kenging kita sibuk dagang, sibuk dados pejabat, sibuk wonten ing organisasi, sibuk ngluhuraken pangaribawa lan kesibukan-kesibukan donya sanesipun, asal sedaya punika manut syari‘at agama saha mawi niyat luhur supados donya kita dados sarana anggenipun taat dhateng Allah Subḥanahu wa Ta‘ala.
Wonten satunggaling ulama ngendika bilih, sekedhik-kedhikipun wonten tiga faktor ingkang kedah kacumponi supados aktivitas kita, kesibukan kita, amaliyah kita saha sedaya lelampahan kita saged pinanggih ganjaran saha pinaringan berkah. Faktor kapisan inggih punika kedah dados tiyang mukmin, iman dhateng Allah saha Rasulipun. Kapindho, amal kita kedah manut syari‘at.
Katiga, ikhlas. Ikhlas tegesipun, kita beramal boten amargi ngantos dipun puji utawi dipun sanjung manungsa, nanging tujuan kita inggih punika ngantos pikantuk ridha Allah Subḥanahu wa Ta‘ala
Mekaten khutbah ing wekdal ingkang pinuh berkah menika, mugi Allah tansah paring taufiq dhateng kita, ngantos kita dipun paringi semangat dados manungsa ingkang mulya ing alam kubur saha akhirat. Amin.
.أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
والْعَصْرِ إِنَّ الإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ
إِلاَّ الَّذِينَ أٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَقُلْ رَبِّ اغْفَرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ للّٰهِ حَمْدًا كَمَاۤ أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَاۤإِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِلٰهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ أَكْرَمِ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأٰخِرِيْنَ اَلْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ
اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ صَلَاةً دَائِمَةً إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ أَمَّا بَعْدُ
فَيَاۤ أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ
وَاعْلَمُوْاۤ أََنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَاۤئِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَاۤئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَاۤ أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَىۤ أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَاۤ اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَىۤ أَلِ سَيِّدِنَاۤ اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَىۤ أَٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَاۤ اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَىۤ أَٰلِ سَيِّدِنَاۤ اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَات
اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاۤءَ وَالْغَلَاۤءَ وَالْوَبَاۤءَ وَالْفَحْشَاۤءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَاۤئِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَاخَاۤصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَاۤمَّةً اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ رَبَّنَاۤ أٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْأٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللّٰهِ إنَّ اللهَ يَأْمُرُبِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ
Editor bahasa: Khayaturrohman





