Khutbah Jumat Bahasa Jawa Nyambut Wulan Rajab

NU Cilacap Online – Wekdal meniko kitho sampun mlebet wonten wulan Rajab, salah setunggale wulan ingkang dipun sebut-sebut Allah SWT minongko Asyhurul Hurum, wulan-wulan ingkang minulya. Khutbah Jumat kesempatan ini berjudul “Nyambut Wulan Rajab” naskah khutbah jumat di susun oleh Kiai Muhammad Isbah Kholili. Pengurus LD PWNU Jawa Tengah bidang penelitian pengembangan dakwah.
Khutbah Sepindah
الحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ المشْرِكُوْنَ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الكَرِيْمُ المَيْمُوْنَ اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سيدِنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ الى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ وقَدْ فَازَ المتَّقُوْنَ وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Para sederek jama’ah Jum’ah Rahimakumullah
Monggo kitho tansah nambahi ajrih lan taqwa kitho dumateng Allah Subhanahu Wata’ala, kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun. Mugi mugi kitho kalebet kawula ingkang tansah dipun paringi rahmat saking ngarsanipun Allah Subhanahu Wata’ala. Ing wusono kita tansah pinaringan tetep iman islam lan istiqamah ibadahipun, wilujeng gesangipun dunyo ngantos akhirat. Amiin.
Kaum Muslimin Rahimakumullah
Wekdal meniko kitho sampun mlebet wonten wulan Rajab, salah setunggale wulan ingkang dipun sebut-sebut Allah Subhanahu Wata’ala minongko Asyhurul Hurum, wulan-wulan ingkang minulya. Gusti Allah sampun dawuh wonten surat At Taubah ayat 36 :
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنفُسَكُمْ ۚ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِينَ كَافَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَافَّةً ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ.
Ingkang arthosipun kirang langkung : “Saktemene wilangan wulan wonten ngarsani Allah iku ono rolas wulan, kados ketetepanipun Allah wekdal Allah nyipta’ake langit lan bumi, diantara rolas wulan iku ono papat kang mulyo. Menikolah agomo kang lurus, mongko siro kabih ojo podho dholimi awak dewe siro kabih ono ing papat wulan iku, lan perangono wong-wong musyrik kabih kados deweke kabih merangi siro kabih. Ngertoso bilih saktemene Allah sareng kalih tiyang-tiyang ingkang bertakwa”
Rasulullah Shollallahu Alaihi Wasallam ugi sampun dawuh :
عن أبي هريرة قال، قال رسول الله صلى الله عليه وسلم: ” إنَّ الزَّمَانَ قَدِ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِه يَوْمَ خَلَقَ اللهُ السَّمَاوَاتِ وَالأَرْضَ, وإنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا في كتابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَوَاتِ والأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ, ثَلَاثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ، ورجبُ مُضَر بَيْنَ جُمَادَى وشَعْبَان “.
Keterangan saking shohabat Abu Huroiroh, panjenengan ipun dawuh : Rasulullah Shallallahu alaihi wasallam sampun dawuh : “saktemene zaman iki temen mubeng kados tingkahe ingdalem dinane gusti Allah nyiptaake langit lan bumi. Lan saktemene itungane piro-piro wulan mungguhi Allah iku ono rolas wulan kados ketetepanipun Allah wekdal Allah nyipta’ake langit lan bumi, diantara rolas wulan iku ono papat kang mulyo. Telu nuli-nuli (dzul qo’dah, dzul hijjah, muharrom) lan wulan rojab yoiku wulan antarane jumada lan sya’ban”
Kaum Muslimin Rahimakumullah
Wulan rajab menika gadahi pinten-pinten fadhilah ingkang dipun khususake deneng Allah Subhanahu Wata’ala. Lan temen sampun tumeko do’a ingkang dipun remeni saking nabi Muhammad Shallallahu alaihi Wasallam naliko mlebune wulan rajab.
فقَدْ وَرَدَ عن النبىِّ دعاءٌ: “اللهم باركْ لنا في رجبَ وشعبانَ وبَلِّغْنا رمضانَ”
“Ya Allah mugi panjenengan berkahi kitho ingdalem wulan Rajab lan wulan Sya’ban lan mugi panjenengan numeka’ake kitho dateng wulan Romadlon”
Kaum Muslimin Rahimakumullah
Wulan Rajab meniko wulan kangge bersihake awak. Menuso kedah berusaha ngresiki awake saking sifat-sifat olo lan sifat-sifat ingkang dipun getingi supados saged tumeko dumugi derajat takwa lan tambahe iman. Menuso ugi kedah ngedohi sedoyo keharoman ingkang dipun cegah dining Allah Subhanahu Wata’ala.
Saking meniko kitho ngertos fadhilah ipun wulan Rajab ingkang agung meniko. Wulan rajab ugi wulan ingkang dipun haromake nglampahi kedholiman lan peperangan. Katah sanget hadits-hadits nabi ingkang nuduhake keutamaan ipun ngurip-ngurip sebagian wengi wonten wulan Rajab meniko, keutamaan ipun dawamaken poso, zakat soho dzikir dateng Allah Subhanahu Wata’ala.
وقَدْ كَانَ النبىُّ الكَرِيْمُ صلى الله عليه وسلم يُكْثِرُ من الصِّيَامِ فى هذا الشَّهْرِ لذلك يَجِبُ على كَافَّةِ المسْلِمِيْنَ الإِقْتِدَاءُ بِسُنَّةِ النبىِّ، حَيْثُ يَعْتَبِرُ شَهْرَ رَجَبَ من الشُّهُوْرِ التى شَهِدَتْ أَكْبَرَ مُعْجِزَةٍ فى الإسلامِ، وهى مُعْجِزَةُ الإسْرَاءِ والمِعْرَاجِ التى تَأْتِى فى اليومِ السَّابِعِ والعِشْرِيْنَ منه، حِيْنَمَا أُسْرِيَ بالنبىِّ محمدٍ من المسجدِ الحرامِ إلى المسجدِ الأَقْصَى، وعِنْدَمَا فُتِحَتْ أَبْوَابُ السماءِ السبعِ وعُرِجَ بها النبىُّ المصْطَفَى، لِيَرَى أَيَاتِ رَبِّه الكُبْرَى، وغَيْرُ ذلك من أُمُوْرٍ اِرْتَبَطَتْ بهذه اللَّيْلَةِ الطَّيِّبَةِ المباركةِ والتى لا تَزَالُ مَحْفُوْرَةً فى أَذْهَانِنا جميعًا.
Nabi Muhammad Shallallahu alaihi wasallam temen ngatahake olehe poso wonten ikilah wulan, pramilo sedoyo tiyang muslim wajib ngikuti kalayan sunnah nabi meniko. Kewajiban meniko keranten wulan rajab meniko termasuk wulan ingkang nekseni agung-agungi mukjizat wonten agami islam. Inggih puniko mukjizat isro’ mi’roj ingkang dumawah wonten tanggal pitu likur saking wulan Rajab yoiku naliko nabi Muhammad Shallallahu alaihi wasallam dipun isro’ake saking masjidil harom dumugi masjidil aqsho.
Lan naliko pintu-pintu langit ingkang cacahe pitu dipun buka lan kanjeng nabi dipun unggahake wonten langit pitu supados mirsani tondho-tondho keagunganipun pengiran soho perkawis-perkawis sanes ipun ingkang berkaitan kalayan dalu ingkang sae lan berkah meniko ingkang tansah terukir wonten ati kitho sedoyo.
Para rawuh Jama’ah Jum’ah ingkang minulya
Mekaten khutbah jum’ah meniko, mugi mugi Allah tansah paring ridlo dumateng kitho sedoyo sahinggo saged ngleksanaake ibadah kanthi sae lan mugi Allah paring berkah wonten wulan rajab puniko. Amiin ya robbal alamiin.
بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنْ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرَ صَلَّى اللَّهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ اجْمَعِيْنَ وَسَلَّمَ تَسْلِيمًا كَثِيرًا.
يَأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللَّهَ وَافْعَلُوا الْخَيْرَ وَاجْتَنِبُوا عَنِ السَّيِّاتِ.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، فَاجِيبُوا اللَّهَ عِبَادَ اللَّهِ إِلَى مَا دَعَاكُمْ وَصَلُّوا وَسَلِّمُوا عَلَى مَنْ بِهِ اللَّهُ هَدَاكُمْ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ وَعَلَى التَّابِعِينَ وَتَابِعِ التَّابِعِينَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُحِيبُ الدَّعَوَاتِ. اللهُمَّ انْصُرْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ اللهُمَّ أَصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّد اللهُمَّ ارْحَمْ أُمَّةَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ اللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّينِ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِينَ. وَاجْعَلْ بَلْدَتَنَا انْدُوْنِيْسِيَا هَذِهِ بَلْدَةً آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً وَسَائِرَ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلَاءَ وَالْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ وَالْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ وَالْفِتَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِير.
Downlaod Khutbah Jumat bahasa Jawa
Editor bahasa : Khayaturrohman