Trending

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa: Pengorbanan Lan Perjuangan

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa : Pengorbanan Lan Perjuangan. Naskah Khutbah yang semula diberi judul “Berkorban dan Berjuang Untuk Menjadi Manusia Yang  Lebih Baik” berikut ini teks Khutbah Idul Adha menggunakan Bahasa Jawa dengan judul “Pengorbanan Lan Perjuangan”.

Inisiatif datang dari banyak pengunjung yang menghendaki Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa diposting.  Untuk Khutbah Idul Adha Bahasa Indonesia Hikmah dan Kaifiyah Ibadah Qurban sudah pernah Kami posting kan. Juga Khutbah Idul Adha tentang 3 Keteladanan Nabi Ibrahim Alaihissalam dan Khutbah Idul Adha : Tauhid Mengangkat Derajat Manusia

Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa ini ditulis oleh KH Suada Adzkiya, Rais Syuriyah PCNU Cilacap. Mangga dipun pirsani

 

الله أكبر 3  الله أكبر 3 الله اكبر 3 الله أكبر كبيرا  والحمد لله كثيرا. وسبحان الله بكرة وأصيلا.  الحمد لله رب العالمين.  أحمده حمدا يفوق حمد الحامدين. وأتوكل عليه إنه ثقة المتوكلين. وأشهد أن لاإله إلا الله وحده لاشريك له.  وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله.  اللهم صل على سيدنا محمد  صلى الله عليه وعلى أله وصحبه أجمعين وسلم تسليما كثيرا الى يوم الدين
أما بعد. فياأيها الناس أوصيكم ونفسي بتقوى الله.  واعلموا ان هذا اليوم يوم عظيم  شرفه الله وعظمه وسماه يوم الحج الأكبر.  فعظموا ما عظمه الله من حرمة يومكم هذا بالإيثار لطاعته والنزوع عن مساخطته ومخالفته . قال الله تعالى : ومن يعظم شعائرالله فإنها من تقوى القلوب.

Jama`ah shalat `Idul Adha ingkang minulya..

Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih. Alhamdulillah, sadaya puji namung kagungan Allah swt, dene sakmenika kita saged nemahi Riyaya Idul Adha. Enjang punika, kita kempal malih perlu sesarengan ngagungaken Asmanipun Gusti Allah, tanpa dipun oprak-oprak lan dipun giring sinten kemawon, tapi mligi adreng kita piyambak amargi kepangin pikantuk ridlanipun Allah Swt.

الله اكبر  الله اكبر الله اكبر  ولله الحمد

Mangga, kita dingklukaken jiwa lan manah kita, wonten ngersanipun Allah Ingkang Maha Agung. Kita bucal tebih sifat angkuh lan sombong ingkang malah bade ndadosaaken kita tebih saking Penjenenganipun. Keagungan kita ingkang kados menapa kemawon, kita punika alit wonten ngersanipun Allah. Kados menapa kemawon kiat kita, kita tetep apes wonten ngersanipun Allah. Kadosa menapa kemawon kekuasaan lan wibawa kita, kita mboten wonten menapa-menapanipun menggah Allah.

Jama`ah shalat `Idul Adha ingkang minulya..

Kita ngaturaken syukur dateng Allah Swt dipun dadosaken minangka tiyang Islam. Langkung syukur malih kita dipun panggenaken wonten lan dados bangsa Indonesia. Kita mboten ketabrak kekirangan pangan nasional ngantos kangge nedi kemawon ngendelaken bantuan internasional kados salah setunggal negari Afrika.Kita mboten kedah ngutahaken rahipun tiyang kathah lan mboten kedah ngorbanaken nyawa, naming kangge nggantos panguwaos ingkang eca sekeca nglenggahi kursi nipun ngantos supe ngadeg, ujare tiyang kathah. Panguwaaos ingkang langkung nengenaken betahipun piyambak ketimbang rakyat.

Leres, punika mboten berarti para panguwaos lan ingkang sami ngatur negari lan pemerintahan wonten Indonesia sampun maremaken rakyat, mboten. Saged kita tingali wonten koran, majalah, radio lan Tivi, tasih kathah ingkang sak leresipun mboten pantes lenggah wonten mriku. Tasih kathah ingkang njengkelaken lan damel sakitipun manahe rakyat.

Tiyang-tiyang kalawau, ngatur negari lan pemerintahan, kadosngatur barang warisn saking mbah-mbahipun piyambak. Tiyang-tiyang wau nganggep, bilih sintena kemawon ingkang mboten wonten kaitanipun kalihan pemerintahan, duka dados pejabat, duka naming aparat pemerintah biasa, saged dipun othak-athik sasekecane piyambak, kados sanes sami dene rakyat Indonesia. Menawi kaleresan setunggal wekdal, tiyang-tiyang wau saged nyaluraken dana saking negari kangge rakyat, senaos janipun sanget alit dibanding ingkang sak mesthinipun, . sami rumaos sampun ageng  jasanipun dateng rakyat.

Mila.mangga kita dongaaken mawon, menawi tiyang-tiyang wau menggah Gusti Allah, mangkene husnul-khatimah, mugi ndang diparingi tobat, dados mboten kathahen dosanipun. Ning, menawi menggah Panjenenganipun, mangkene badhe suul khatimah., mpun ndang diparingi sakit nemen ingkang mboten mantun-mantun  mawon, kersane mboten saged napa-napa, utawi ndang dipun pundut mawon, utawio mangga kersane Gusti Allah dipun napaaken, sing baken lampahanipun ingkang nerak kamanungsan mandeg. Stop. Titik Allahumma Amien.

Mangga dipun amini :

اللهم بحق الحسن وأخيه ، وجده وأبيه ، وأمه وبنيه ، نجنا من الغم الذى نحن فيه ، يا حي يا قيوم، نسألك أن تنور قلوبنا بنور معرفتك

Jama`ah shalat `Idul Adha ingkang minulya..

Enjing menika, jutaan tiyang Islam kempal wonten tanah suci Makkah lan sekitaripun, perlu nglampahi ibadah haji sak ubarampenipun pindah. Sedaya sami rawuh saking pundit- pundit, klebet saking negari kita Indonesia, namung nderek timbalanipun Allah, sami ninggalaken kenikmatan duniawi, ninggalaken kempal kaliyan sanak sederek lan kanca srawungiupun, ngorbanaken arta bandha ingkang dipun sayangi, malah wonten ingkang kepeksa seda wonten mrika.

Ngagem ageman ihram, sami kempal wonten Arafah, kanthi pengajeng-ajeng, sedaya sami eling, bilih mangkenipun, tanpa pilih-pilih, kita sedaya sami pejah.. lan umumipun  dipun bungkus lawon pethak. Ugi supados sadar bilih tiyang menika saestunipun sami kemawon, ingkang mbentenaken namung takwanipun.

الله اكبر  الله اكبر الله اكبر  ولله الحمد

Jama`ah shalat `Idul Adha ingkang minulya..

Menawi sampun sadar, kita sedaaya kados mekaten, mila patut sanget, wonten riyadi Qurban punika, riyadi kangge ngeling-eling korbanipun Nabi Ibrahim sak garwa putra -`alaihimus salam- kita gragapi awak kita, menapa kemawon ingkang sampun kita korbanaken supados kita klebet tiyang ingkang takwa, minangka syarat, supados kita saged wilujeng lan mlebet suwarga. Wonten surah Ali `Imran 142 Allah ngendika mekaten :

أَمْ حَسِبْتُمْ أَن تَدْخُلُواْ الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَعْلَمِ اللَّهُ الَّذِينَ جَاهَدُواْ مِنكُمْ وَيَعْلَمَ الصَّابِرِينَ

“Apa sira kabeh padha ngira yen arep mlebu suwarga, ing mangka during cetha tumrap Gusti Allah, sapa ing antaramu sing berjuang  -ana dalane Gusti Allah – lan uga durung cetha sapa-sapa sing sabar narima.”

Ayat menika maringi piwucal, supados dados tiyang sae, takwa, hengga pantes mlebet suwarga menika setunggaling tiyang kedah berjuang, lan berjuang mesthi korban.

الله اكبر  الله اكبر الله اكبر  ولله الحمد

Jama`ah shalat `Idul Adha ingkang minulya.

Mila, mangga kita korban sawetawis arta banda kita, tenaga lan pikiran kita, sawetawis kesagedan kita, sawetawis kepentingan pribadi kita, supados kita dados tiyang sae. Mila mangga, kita korbanaken sawetawis wekdal lan kesempatan kita kangge bergaul lan ngabdi dateng masyarakat . Sampun ngantos kita gesang wonten tengah masyarakat, tapi kita malah mboten srawung kalih masyarakat. Mangga kita korbanaken sawetawis eca lan nikmatipun kita tilem kangge ngibadah dateng Allah, lajeng kangge tafakkur, saking pundi asal kita, sak leresipun kangge menapa kita dipun paringi gesang, lajeng bade dateng pundi kita menika. Mangga kita sami ngangen-angen, ndalu dalu ingkang sepen punika, sepinten lepat lan dosa kita, ketam bahan mboten usah ngeling-eling ngamal kita ingkang ketingale sae.

Malaikat Jibril pernah berpesan kepada Rasulullah Saw sebagaimana dinyatakan dalam hadits :

عن سهل بن سعد قال : جاء جبريل عليه السلام إلى النبي صلى الله عليه و سلم فقال : يا محمد

عش ما شئت فإنك ميت و احبب من أحببت فإنك مفارقه و اعمل ما شئت فإنك مجزي به ثم قال : يا محمد شرف المؤمن قيام الليل و عزه استغناؤه عن الناس .

Sahl bin Sa`d ngendika, “Jibril as sowan Kanjeng Nabi saw lajeng matur, “Muhammad, mangga gesang sak kersa panjenengan, toh mangkenipun panjenengan bade seda. Mangga panjenengan asihi tiyang ingkang panjenengan asihi, toh mangke bade pisah kaliyan panjenengan. Mangga panjenengan ngamal sak kersa penjenengan, toh panjenengan bade pikantuk piwales ngamal wau. Lajeng malaikat Jibril matur malih, “Muhammad, kamulianipun setunggaling tiyang mu`min menika ngibadah ndalu, dene kiyat lan prakosanipun menika gumantung sepinten anggenipun tiyang wau mboten ngendel-endelaken tiyang sanes.” Riwayat Al-Hakim lan Al-Baihaqi.

Lajeng kita mboten kenging supe, kita ugi kadhawuhan njagi anak turun kita supados dados tiyang sae lan mboten kecemplung neraka..

قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا

“Jaganen awakmu lan kawulawargamu saka neraka.”

الله اكبر  الله اكبر الله اكبر  ولله الحمد

Dados, wosipun, Jama`ah shalat `Idul Adha ingkang minulya, supados angsal kesaenan, kita kedah berjuang, berjuang kedah purun korban, punika mesthi, kados ingkang sampun dipun contoaken panjenenganipin Nabi Ibrahim sak garwa putra =`alaihimus slam- , ingkang mergi sanget spektakuler lan monumental, kita para manungsa kadhawuhan ngeling-eling lan memeperingati saben tahun, nggih menika kanthi upacara `Idul Adha kados enjing menika. Kepengin sae tapi mboten kersa usaha lan korban, naminipun ngalamun.

 

بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم. ونفعنى وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم. وتقبل منى ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم. بسم الله الرحمن الرحيم

إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ (1) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ (2) إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الأَبْتَرُ ( 3

اقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات الأحياء منهم والأموات  فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم .

 

الخطبة الثانية

 

الله أكبر 3  الله أكبر 3 الله أكبر . الله أكبر كبيرا  والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا . أشهد أن لاإله إلا الله وأشهد أن محمدا عبده ورسوله .اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى أله وصحبه أجمعين .

أما بعد. فيا أيها الناس  اتقوا الله ولازموا الصلاة على خير خلقه  عليه الصلاة والسلام. فقد أمركم الله بذلك إرشادا وتعليما. فقال إن الله وملائكته يصلون على النبى . يا أيها الذين أمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما. اللهم صل على سيدنا محمد  وعلى أله وصحبه  أجمعين . وعلى التابعين ومن تبعهم بإحسان الى يوم الدين. وارحمنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين

اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات إنك على كل شىء قدير .اللهم أعز الإسلام والمسلمين. وأهلك الكفرة والمبتدعة والرافضة والمشركين . ودمر أعداء الدين  .واجعل اللهم ولايتنا فيمن خافك واتقاك. ربنا أتنا فى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار . ربنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقونا بلإيمان ولا تجعل فى قلوبنا غلا للذين أمنوا ربنا إنك رؤوف الرحيم والحمد لله رب العالمين.

 

Demikian Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa : Pengorbanan Lan Perjuangan, semoga bermanfaat untuk kita semua

5 Comments

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button