Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa : Mbiasaaken Amaliyah Ramadhan

NU CILACAP ONLINEKhutbah Idul Fitri Bahasa Jawa : Mbiasaaken Amaliyah Ramadhan ini dalam bahasa Indonesia berjudul Membiasakan Amalan Bulan Ramadhan, dikandung maksud Khutbah ini mengajak untuk membiasakan mengamalkan amal ibadah selama bulan Ramadhan, di bulan-bulan di luar bulan ramadhan

اَللهُ اَكْبَرٌ 9 x

 اَلله أَكْبَرُ كَبِيْرًا  وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا  وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً  لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَ اللهُ أَكْبَرُ أَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ . اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ الصَّوْمَ حِصْنًا ِلأَوْلِيَائِهِ وَجُنَّةْ . وَجَعَلَ عِيْدَ الْفِطْرِ ضِيَافَةَ وَمِنَّةْ . وَأَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْن إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya!

Langkung rumiyin kawula aturaken

مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بْخَيْرٍ وَعَافِيَّةٍ   تَقَبَلَ اللهُ مِنَا وَمِنْكُم:

mugi Allah kersa nampi siam lan ibadah-ibadah kita sanesipun.

Sak terasipun, kita minangka tiyang Islam dipun dhawuhi supados dados tiyang Islam ingkang sae. Tiyang Islam ingkang sae inggih punika ingkang ndadosaken wucalan Islam minangka cepengan lan tuntunan gesangipun. Punapa ingkang dipun wucalaken Islam, punika ingkang dipun amalaken. Dipun ngendikaaken gampil nanging angel sanget cak-cakanipun.

Mila punika, sayektosipun, supados setunggaling tiyang saged dados tiyang Islam ingkang sae, tiyang wau kedah teras-terasan mbiyasaaken nglampahi punapa ingkang kedah dipun lampahi. Kanthi punika, punapa ingkang dipun wucalaken Islam kedah kita lampahi, mangkenipun dados kebiasaan kita, kita lampahi, ngantos upaminipun wonten setunggal perkawis kemawon wucalan Islam  ingkang mboten utawi dereng kita lampahi, kita ngraos kados taksih gadhah utang, manah dereng plong.

 اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

 Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.

Bukti bilih kangge saged ngleksanaaken wucalan Islam perlu dipun biasaaken saged dipun tingali saking kados pundi caranipun Islam ngajari shalat lare alit. Sak derengipun lare umur pitung tahun, kinten-kinten lare wau sampun wonten Taman Kanak-kanak, tiyang sepuh kedah sampun mucali lare wau tatacara shalat lan ubaram penipun.

Dados, wekdalipun lare mlebet umur pitung taun kirang kalih setengah sasi, tiyang sepuh wajib ngajak lare punika shalat, tiap wekdal shalat. Mekaten teras ngantos lare mlebet umur sedasa taun kirang tigang sasi sedasa dinten. wekdalipun lare mlebet umur punika, dhawuh supados tiyang sepuh ngajak lare shalat tambah keras. Menawi sak derengipun punika, lare dipun ajak shalat dereng purun, tiyang sepuh dereng dipun dawuhi punapa-punapa malih.

Ananingin wekdalipun mlebet umur sedasa taun kirang sekedhik, tiyang sepuh dipun dhawuhi ngerasi lare ingkang dereng purun shalat wau. Dados, tigang taun wekdal kangge mbiasaaken lare purun nglampahi shalat lan sak sampunipun punika malah tiyang sepuh kadhawuhan ngerasi lare ingkang mbeling, mboten purun shalat.

 اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya.

Semanten ugi mbiasaaken lare purun siam. Kawula yakin, asal mboten wonten perkawis ingkang ngganggu, lare umur wolu sangang taun mesthi sampun kiat siam.

Menawi lare umur semanten kok dereng purun siam, punika mesthi jalaran tledhoripun tiyang sepuh, alemanipin lare utawi welasipun tiyang sepuh ingkang mboten sak mesthini pun. Tiyang Jawi rumiyin mastani welas kang tanpa lalis.  Kedahipun lare TK sampun dipun jak siam, senajan istilahipun nembe puasa bedhug. Ingkang pokok, lare sampun dipun ngertosaken lan dipun latih nglampahi setunggaling kewajiban nggih punika siam.

Leres, lare alit panci dereng kewajiban siam, mboten dipun latih nggih mboten lepat, tapi tiyang sepuh kan mboten pareng tledhor.

 اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Kaum muslimin lan Muslimat ingkang minulya.

Ing nginggil wau caranipun supados lare alit biasa nglampahi kewajiban. Shalat perlu wekdal tigang taun, wiwit umur pitung taun ngantos sedasa taun kirang sekedhik.  Sedasa ngantos baligh malah kedah dipun kerasi. Dene siam, ngantos pitu napa nem sasi Ramadhan, awit umur wolu sangang taun teras ngantos baligh.

Mbiaasaaken Amaliyah Ramadhan

Kangge tiyang sepuh mesthinipun mboten mekaten. Cekap sesasi kemawon minangka penataran lajeng saben sasi Ramadhan minangka penyegaran. Lajeng punapa kemawon ingkang dipun dhawuhi dados kebiasaan kanthi sasi Ramadhan. Mbiasaaken Amaliyah Ramadhan ngandap punika

1.Mbiasaaken infak, mbiasaaken ngirangi arta bandha ingkang dipun miliki kangge tiyang sanes, sami ugi ingkang wajib punapa dene ingkang sunat. Lan punika kangge sedaya tiyang, sami ugi ingkang gadhah utawi mboten. Mbok kita ngertos, zakat fithrah punika dipun wajibaken dhateng sedaaya tiyang? Enem, sepuh, lare, sugih, mlarat sami kemawon,  asal wekdal `Iedul Fithri sedinten sedalu piyambake gadhah langkungan kangge nedha piyambake sak kulawarga.

Dene ingkang sunat ImamTirmidzi nerangaken

مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ أَجْرٌ مِثَلُ أَجْرِهِ غَيْرَ أَنَّهُ لاَيَنْقُصُ مِنْ أَجْرِ الصَّائِمِ شَىْءٌ.

“ Sapa wonge aweh bukan wong pasa wong mau entuk ganjaran kaya wong kang diwei bukan lan ganjarane wong kang diwei bukan iki ora kurang sithik-sithika.”

Sak terasipun para ulama nerangaken, bukan punika mboten kedah maregi, saged mawon segelas toya.  Dados cetha, meh sedaya tiyang supadoa mbiasaaken infak. Sinten cobi, tiyang ingkang mboten saged infak toya segelas?

2. Mbiasaaken shalat sunat. Sesasi muput kita shalat tarawih sak witiripun. Dados sesasi muput kita diajari mbiasaaken shalat sunat ingkang menawi kita pilihi ingkang sunnah muakkadah thok, artosipun ingkang sanget dipun anjuraken thok, shalat punika mboten langkung kathah timbang tarawih, langkung-langkung wekdalipun pencar-pencar dados sedinten sedalu.

 3. Mbiasaaken siam. Kanthi dur-duran sesasi siam dipun ajeng-ajeng mangke- nipun tiyang kulina siam. Dados., nglampahi shalat ingkang sanes fardlu lan siam sanesi- pun Ramadhan perlu dipun kulinaaken. Sahabat ageng kalih, Abu Hurairah dan Abud Darda`, pikantuk pesen mirunggan saking ngarsa dalem Rasulullah saw supados tansah nglampahi tigang perkawis, 1. siam tigang dinten saben sasi;  2. shalat Dluha saben dinten lan 3. shalat Witir sak derengipun tilem.

 4. Mbiasaaken tangi ndalu-ndalu, paling mboten sak derengipun Shubuh. Panci sak dangune Ramdlan kita tangi wekdal ndalu perlu sahur. Ning ketingale kok kesanget- en tangi ndalu mung perlu nedha, babar pisan mboten nglampahi ibadah napa to napa, shalat umpaminipun. Langkung-langkung, shalat ndalu senaos namung kalih raka`at ageng sanget fadlilahipun. Langkung-langkung malih wonten tantangan saking Gusti Allah, sinten ingkang nyuwun dateng Panjenenganipun wekdal niku, bakal dipun paringi, sinten nyuwun ngapunten bakal dingapunten.

Mila pantes sanget, sinten siam Ramadhan, kok sak sampunipun punika mboten tambah sae, saged ugi siamipun mboten dipun tampi Gusti Allah, namung angsal ngelih lan ngelak, kados katerangan setunggaling hadits.

Wonten masalah punika ketingalipun sami kalih tiyang tindak haji, sak konduripun ajeg-ajeg mawon, sanget ageng kemungkin anipu hajinipun mboten mabrur, tapi naming saged semerep Tanah Suci. Na`udzu billah!

 جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِينْ. وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِينْ. اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بسم الله الرحمن الرحيم : قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى. وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى. بَلْ تُؤْثِرُوْنَ الْحَيَاةَ الدُنْياَ. وَاْلآخِرَةُ خَيْرُ وَأَبْقَى . بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيمْ. وَنَفَعَنِى وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيمْ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيمْ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمْيْن.

KHUTBAH KAPING KALIH

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَالللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ. اْلحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ تَعْظِيْمًا لِشَأْنِهِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًا.

 اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ.وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

 اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَْلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ    وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

 عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Silakan Download Khutbah Idul Fitri Mbiasaaken Amaliyah Ramadhan (Bahasa Jawa), file pdf., DI SINI

2 Comments

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back to top button